Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/197

Kaca iki wis divalidasi

***

AJEM TENTREM ANA ING PANGAJOMANÉ GUSTI

197

mengka ḍateng pangadilanipun Sang Prabu.” Bupati Fèstus pirembagan ḍisik karo para najakané, bandjur ngandika: „Kowe njuwun munggah marang Sang Prabu, ija bakal lunga séba marang ngarsané Sang Prabu!”

Nanging kelakoné iku mau ija ora tumuli, djalaran durung ana prau sing arep mantjal menjang ing kuṭa Rum. Paul isih kudu ngentèni sawetara lawasé ana ing kuṭa Késaréa. Lan ing nalika iku Paul isih kaparingan wewengan nggelaraké piwulang bab Sang Djuru Slamet marang wong sawetara.

Kelakoné iku nalika radja Agrippa karo garwané, Berniké, paḍa rawuh ing dalem kabupatèn ngagem kaprabon, bandjur lumebet ing geḍong paséban, arep pinanggih karo bupati Fèstus. Ing kono Agrippa ngandikakaké jèn kepéngin ningali lelaran sing kerep dadi rembagé para panggeḍé.

Fèstus bandjur ḍawuh njowanaké Paul ana ing ngarsané radja Agrippa lan para prijagung lijané, lan ana ing kono Paul olèh wewengan ndjlèntrèhaké bab geḍéning sihé Gusti Jésus marang para wong dosa; sapa sing pratjaja marang Pandjenengané, bakal kapitulungan rahaju.

Para prijagung mau paḍa muguhaké galihé, awit uripé sing saiki kebak dosa malah dadi pakaremané, eman-eman jèn ditinggala, apamanèh paḍa ngarani jèn ora ana sing bisa ngungkuli nikmat lan muljané urip sing saiki, mulané apa perluné ngowahi kaanan sing dianggep sampurna?

Nanging Fèstus bandjur njelani klawan swara seru: „Èh, Paul, kowé ngomjang, kaduk ing kawasisan kang marakaké ngomjangmu iku!” Déné radja Agrippa ngandika semu ngérang-érang: „Mèh baé kowé bisa ngrimuk aku mandjing Kristen!”

Para prijagung mau wis paḍa ngertos marang dalaning karahajon, nanging paḍa ora kersa ngakoni jèn uripé iku kebak dosa, panganggepé sing ditindakaké iku kabèh wis betjik lan prajoga, mulané ija ora mbetahaké pitulungané Sang Djuru Slamet, malah para prijagung mau paḍa kamiwelasen ningali Paul déné kemuluken gagasané lan keḍuwuren gegajuhané ....

Paul bandjur dibalèkaké manèh menjang ing pakundjaran.

LAN ana ing kono Paul nganti-anti klawan sabar .... Katentreman lan kabungahan sing ana ing galihé wis ora bakal owah-owah.

AJEM TENTREM ANA ING PANGAJOMANÉ GUSTI

ING wusana kapal lajar sing arep ngateraké rasul Paul menjang negara Rum, mantjal saka ing palabuhan Késaréa. Sing manḍégani laku jaiku panatus pradjurit kang aran Julius, wong Rum. Prau mau momot wong lelaran akèh lan pradjurit sawetara sing kudu ngawat-awati lelaran mau. Ana djuru muḍi lan djuragané apadéné para pambelahé sing paḍa nglakokaké prauné .... Ana ing antarané, wong-wong mau rasul Paul katoné mung kaja wong sing tanpa daja prabawa, wong lelaran sing tangané diranté.

Éwadéné ....

Enggoné paḍa lelajaran menjang negara Rum iku tjaloné ora mung seḍéla, mangka ija ora sepi ing bebaja.

Nalika semono mangsa panas wis mèh kepungkur, bandjur ngantjik mangsa rontog, akèh udan lan barat .... Wong sing wani nglakokaké prau ing segara meneri ing mangsa udan, iku mesṭiné dudu wong baèn-baèn, mesṭiné malim sing wis akèh pangalamané. Wong kaja mengkono iku èmperé baé Julius utawa djuru muḍiné ....

Mungguh rasul Paul, ana ing kapal mau ora digapé babar pisan. Senadjan betjik pangrengkuhé Julius marang Paul nganti dililani nemoni para mitrané sadurungé buḍal, éwasemono Paul isih adjeg dadi wong bebanḍan kaja lija-lijané.

BARENG tekan ing satengahing segara, prauné saben dina katempuh ing prahara, temah enggoné lajaran rinḍik-rinḍik, mèh ora bisa mbatjut marga kepangkalan angin. Jèn djuru muḍi lan pambelahé ora peng-pengan, prauné wis mesṭi mung dadi dolanané ombak lan angin.

Satekané ing kuṭa Mira, wong-wong mau bandjur paḍa ngalih ing kapal lajar sing buḍal saka tanah Mesir nggawa gandum menjang Rum.

Enggoné lajaran dibatjutaké nganti tekan ing palabuhan ing pulo Kréta. Sarèhné lajaran ing mangsa antarané mangsa panas karo beḍiḍing iku mbebajani banget marga saka geḍéning ombak lan prahara, rasul Paul bandjur paring rembag, supaja paḍa lèrèn ana ing palabuhan kono nganti salebaré mangsa beḍiḍing. Nanging Julius mung gumuju baé, rembagé Paul pantjèn ija betjik lan klebu ing nalar, nanging Paul iku dudu ahli pelajaran ing segara, dadi panatus mau milaur ngandel marang djuru muḍi lan djuragan katimbang karo Paul. Enggoné lajaran arep dibatjutaké tekan ing kuṭa, ora adoh saka ing kono, wetara patang puluh mil dohé, kuṭa palabuhan sing aḍepé ngidul ngulon lan ngalor ngulon, luwih kepénak dilèrèni sasuwéné mangsa beḍiḍing, kira-kira sawetara sasi lawasé. Prauné lajaran rinḍik-rinḍik mlipir ing pulo Kréta, lakuné ora adoh....