Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/198

Kaca iki wis divalidasi

198

AJEM TENTREM ANA ING PANGAJOMANÉ GUSTI

***

WONG-wong mau paḍa gegetun déné ora nggugu rembugé Paul, wong sing dinjana tuna ing kawruh mungguh ing pelajaran, ora weruha wong mau enggoné olèh kawruh iku marga kaparingan saka Allah pijambak.

Lagi baé prauné mantjal saka ing palabuhan, anginé wiwit munḍak banter dadi prahara geḍé. Prauné katempuh ing lésus kang aran Eroklidon. Wong-wong mau paḍa ngerti jèn lésus Eroklidon iku kakuwatané ngébat-ébati temenan. Prauné kabuntjang mrana-mréné, ora bisa nduwa marang angin, mulané diumbar bandjur ngèli baé. Nganti pirang-pirang dina ora katon srengéngé utawa lintang-lintang lan rembulan, djalaran langité peteng katutupan ing menḍung nggameng, mangka panempuhé prahara tanpa ana peḍoté. Lajaré suwèk pating sluwir; tijang kapal katempuh sumijuting lésus tjoklèk kajadené biting ditjoklèki; kemuḍiné wis ora kena dierèh manèh, dadi prauné mung ngèli manut arusing banju. Bareng njumurupi kaanané prauné sing njeḍihaké mengkono iku, wong-wong mau peḍot pangarep-arepé bisané olèh pitulungan, tjiptané mung bakal mati klelep ing segara. Pantjèn nijaté ora arep lelajaran adoh .... Wong mau paḍa gegetun déné ora nggugu rembugé Paul ....

WONG sing ana ing prau mau kabèh paḍa miris lan geter, kedjaba sidji sing duwé rasa ajem lan tentrem djalaran pangajomané Pangéran. Wong iku rasul Paul.

Paul ora mung tenguk-tenguk baé, nanging mèlu tetulung ing sabisa-bisané, lan tansah mbombong atiné wong-wong mau supaja adja nganti semplah. Lan nalika semono rembugé Paul digugu lan digatèkaké, djalaran kedajan déning ajem lan tentreming panggalihé.

Ing sawidjining dina, nalika Paul ditutup ing pakundjaran ing kuṭa Jerusalèm, Gusti djumeneng ana ing ngarepé sarta ngandika: „Paul, sira dikendel, déné paḍa kaja enggonira wus neksèni bab ingatasé Ingsun ana ing Jerusalèm, mengkono sira ija perlu neksèni ana ing Rum uga.”

Dadi tjeṭa ana ing negara Rum, rasul Paul wis jakin, jèn kudu ngaḍep ing ngarsané sang prabu ing Rum, mulané mesṭi ora bakal mati ing segara djalaran katempuh ing lésus. Déné wong lija-lijané, wong lelaran, pradjurit, djuru muḍi lan pambelahé, keprije? Rasul Paul uga diparingi pirsa bab bakal kadadéjané wong-wong lijané sing ana ing prau.

Ing sadjroné kinurung ing bebaja pati, kinalang-kalang ing ombak prahara, rasul Paul djumeneng ing tengahé wong-wong ing prau sing paḍa geter lan miris sarta klawan tatag enggoné ngandika: „Kantja-kantja, leresipun rumijin sami nggegaa ḍateng rembag kula, boten mantjal saking Kréta, dados saged sumingkir saking bebaja pedjah lan kapitunan mekaten punika. Éwadéné sapunika sampéjan sami kula pituturi, dipun sakétja ing manah. Amargi baḍé boten wonten njawanipun panunggilan sampéjan ingkang tiwas, namung baitanipun kémawon ingkang boten saged kapitulungan. Djalaran wau dalu wonten malaékatipun Allah ingkang kula bektèni, djumeneng wonten ing ngadjeng kula sarta ngandikakaken bab prakawis punika sadaja. Mila kantja-kantja, sampéjan dipun sakétja ing manah, sebab kula pitaḍos ḍumateng Allah, bilih baḍé kalampahan kados ingkang kapangandikakaken ḍateng kula wau. Namung kémawon kula kedah sami ḍumawah ing satunggaling pulo.”

Ing kono wong prau paḍa mbatjutaké pagawéané klawan ngetog kakuwatan tanpa mangan, tanpa ngombé, lan tanpa lèrèn, daja-daja tekana ing salah sawidjining pulo.

BARENG wis olèh patbelas dina enggoné kombak-kombul kaontang-antingaké mrana-mréné ana ing segara, wetara wajah tengah wengi, ana aloking wong: „Ḍaratané wis tjeḍak!” .... Wenginé peteng nḍeḍet, éwadéné wong prau sing kulina ngambah segara, bisa nemtokaké jèn ḍaratané wis tjeḍak, marga ngrungu djumeguring ombak sing ambjar ana ing pesisir. Bareng didjadjagi, ketemu segarané mung kari rong puluh ḍepa sawisé mbatjut lakuné sawetara, ndjadjagi manèh ketemu limalas ḍepa. Dadi saiki wis tjeṭa, jèn segarané saja munḍak tjetèk, ateges saja tjeḍak menjang ḍaratan. Wong sing ora kulina lelajaran, bareng ngrungu jèn ḍaratan wis tjeḍak, atiné seneng awit rumangsané bakal énggal mentas saka ing bebaja. Nanging wong-wong sing nglakokaké prau malah wedi, awit paḍa ngerti, jèn saiki bebaja kèrem lan mati klelep saja munḍak geḍé, luwih geḍé katimbang nalika isih adoh saka ing ḍaratan. Ḍaratan pantjèn wis tjeḍak, nanging sadurungé mentas ing ḍarat, adaté ana punṭuk-punṭuk karang utawa klabar, lan ana ing kono prauné kebanting utawa kanḍas temah remuk déning panempuhing alun geḍé.

Wong pambelah sing paḍa ngerti bab ananing bebaja mau, bandjur paḍa sarudjuk arep minggat nganggo sampan supaja bisa slamet mentas ing ḍarat, ora perduli wong-wong lijané apa bisa kapitulungan apa ora.

Sarèhné kuwatir menawa kanḍas ing parang, mulané paḍa mbuwangi djangkar lan bareng karo nguḍunaké djangkar wong pambelah sing paḍa arep minggat, ija bandjur nguḍunaké sampan sengadi mbuwangi djangkar. Nanging akalé wong mau konangan déning Paul. Paul bandjur matur marang panatus lan para pra-