Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/199

Kaca iki wis divalidasi

***

AJEM TENTREM ANA ING PANGAJOMANÉ GUSTI

199

djurit: „Menawi tijang punika boten lestantun wonten ing baita, sampéjan sami boten saged kapitulungan.” Julius kagèt, déné ana wong kok arep golèk uripé ḍéwé. Pradjurité bandjur diḍawuhi: „Sampané tjegurna ing segara.” Pradjurit bandjur énggal paḍa nigasi kenḍaraté sampan, ditjeguraké ing banju bandjur kèrem. Dadi para pambelah ora kaleksanan sedyané sing ora betjik mau, temah paḍa kisinan. Déné para pradjurit katon paḍa muring njumurupi pratingkahé para pambelah mau ....

Nanging ésuké, nalika ngarepaké raina, Paul ngatag-atag wong kabèh, paḍa kaklumpukaké kapurih mangan, kaja-kaja sing dadi panggeḍéné kapal saiki rasul Paul, pangandikané: „Sampéjan dipun sakétja ing manah; sampéjan neḍa lan ngombé, supados baḍan sampėjan dados kijat, awit sampun kawan welas dinten punika sampéjan boten kalebetan punapa-punapa. Mila sampéjan kula purih neḍa lan ngombé, awit punika klebet marginipun anggèn sampéjan kapitulungan. Sebab sampéjan sadaja baḍé boten wonten ingkang rentah rambutipun saeler kémawon.” Sawisé ngandika mangkono, Paul bandjur menḍet roti lan saos sokur marang Allah ana ing ngarepé wong kabèh, lan rotiné sawisé ditjuwil-tjuwil, tumuli wiwit ḍahar. Wong-wong mau paḍa ngawasaké marang Paul klawan gumun lan éring, déné kok semono tatag lan manteping atiné marga saka pratjajané marang Allahé, wong sing dadi panunggalané wong lelaran, nanging djebul malah luwih luhur bebudèné katimbang karo wong lija-lijané ....

Sawisé wareg enggoné paḍa mangan, wong-wong mau bandjur paḍa mbuwangi gandumé ing segara, supaja prauné dadi èntèng, lan djangkaré paḍa dikeṭoki kabèh. Bareng wis ora digonḍèli djangkar, prauné dibablasaké déning ombak lan prahara ngener ing pesisir. Wong sing ana ing prau paḍa ngerti jèn prauné seḍela manèh bakal ambjar kebanting ing parang utawa kanḍas ing klabar, atiné senag-senig, embuh urip, embuh mati .... Para pradjurit kuwatir bokmenawa lelarané paḍa minggat, mulané paḍa sarembug arep matèni lelarané. Nanging panatus ngéman marang Paul, mulané ngampah kakarepané para pradjurit kang mangkono mau, apadéné préntah supaja ngutjuli ranténé, lan sapa sing bisa nglangi paḍa dipurih njegur ḍisik lan mentas ing ḍarat. Déné sing kari paḍa dipurih golèk urip ḍéwé-ḍéwé sarana reramon blabag utawa remukané prau. Wong ing prau sanalika krasa jèn prauné kanḍas ana ing klabar, pérangané sing ngarep ambles ing weḍi ora obah, nanging sing buri remuk katempuh ing alun. Wong-wong mau kabèh paḍa njegur ing banju lan wekasané lestari mentas kabèh ing ḍarat.

NALIKA malaékaté Allah ngetingali Paul lan djumeneng ana ing ngarepé, pangandikané mengkéné: „Adja kuwatir, Paul, wus mesṭi kowé bakal séba marang ngarsané Sang Prabu. Lah kowé wus diparingi déning Allah sakèhé wong bebarenganmu nunggang prau.” ....

Apa sing dipangandikakaké mau, kelakon temenan. Tjatjahé wong kabèh ana rong atus pitung puluh nem, sidji baé ora ana sing tiwas.

Bareng wis paḍa mentas kabèh, énggal bandjur paḍa gawé geni beḍijang, djalaran kabèh paḍa ndrodog kaḍemen lan sanḍangané teles kabèh. Wong sing paḍa manggon ing pulo mau paḍa betjik atiné, mulané paḍa ngréwangi lan njukupi sakabutuhané kabeh. Nalika paḍa gawé totor geḍé, Paul lan wong lijané paḍa ngrakupi kaju rèntjék, ditumpangaké ing geni.

Kotjapa nalika Paul ija lagi numpangaké kaju ing geni, dumadakan awit saka panasé ana ulané mandi metu, njakot kanṭil ing astané. Wong-wong lijané bareng weruh ula mau kumlawèr ing astané Paul, bandjur paḍa munḍur lan njawang marang Paul semu welas. Gagasané wong-wong mau: „Wong iki mesṭiné geḍé banget dosané, wurung mati klelep ing segara, saiki sida mati ditjakot ula mandi .... Delengen, tangané mesṭi abuh utawa wongé ambruk mati sanalika!” Nanging Paul ngipataké ula mau marang geni lan ora kelaran babar pisan, tangané adjeg baé ora nganti abuh, wisané ula mandi ora pasah tumama ing sarirané Paul .... Bareng wis suwé enggoné paḍa ngenténi, mangka paḍa weruh jèn Paul ora nemahi tiwas, bandjur paḍa malik panemunė, lan paḍa wedi marang Paul. Pangutjapé wong mau: „Wong iku apangawak dewa!” Wong mau paḍa durung ngerti sapa satemené Paul iku.

Wong-wong mau nganti sawetara sasi enggoné paḍa manggon ing pulo panggonané mentas ing ḍarat, ngentèni lebaré mangsa beḍiḍing. Pulo mau aran Mélité utawa Malta.

Ora adoh saka panggonan iku mau ana palemahan darbèké panggeḍéné pulo, nama Publius, wong tani sugih. Publius mau kang awèh pamonḍokan marang wong-wong sing paḍa kanḍas prauné telung dina lawasé. Kabetjikané Publius mau diwales tikel déning Paul. Nalika semono ramané Publius lagi lara panas lan bebanju getih, mangka ora ana sing bisa nambani. Paul bandjur njelaki, lan sawisé ndedonga, sing lara bandjur ditumpangi asta, temah dadi lan warasé.

Bareng wong ing pulo kono paḍa ngrungu warta bab kaelokan mau, bandjur paḍa