Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/20

Kaca iki wis divalidasi

22

GUSTI JÉSUS JUSWA ROLAS TAUN KASOWANAKÉ ING PADALEMAN SUTJI

***

ibuné, bebarengan karo wong Nasarèt lija-lijané, paḍa buḍal menjang ing negara sutji. Saka kéblat papat wong-wong Jahudi paḍa ambjuk menjang Jerusalèm. Ana ing kana wong-wong sing éwon tjatjahé paḍa mlebu ing padaleman sutji paḍa ngluhuraké Allah lan saos pamudji sukur apadéné pandonga; lan manèh enggoné paḍa ngrijajakaké dina geḍé Paskah iku minangka pangéling-éling Paskah kang kawitan, pirang-pirang atus taun kepungkur, nalika bangsa Israèl paḍa buḍal metu saka ing tanah Mesir.

Saiki Gusti Jésus bareng wis juswa rolas taun, kepareng nḍèrèk menjang rijaja Paskah, miturut adat kalumrahané wong Jahudi.

WONG-WONG sing paḍa arep ngrijajakaké Paskah ing Jerusalèm, lakuné ing sadalan-dalan anglur-selur ndlidir tanpa ana peḍoté, swara lan solah tingkahé wong-wong mau nélakaké gambiraning atiné. Sesawangan asri ing sakiwa-tengené dalan, karang-kitri kang mbijet wohé, pategalan gandum kang katon ngombak-ombak katerak ing angin, punṭuk-punṭuk kang kebak tanem-tuwuh katon idjo rijo-rijo ngresepaké panḍeleng, apadéné kali-kali kang bening banjuné pating srèwèh ngontjori sawah lan pategalan, kabèh mau muwuhi suka-gambiraning wong sing paḍa munggah menjang Jerusalèm. Nanging lakuné kaḍang-kaḍang ija ngliwati panggonan sing tjengkar lan garing, kang tinemu ing kono mung brangkal lan parang tjuri.

Saka ing kadohan kuṭa Jerusalèm wis katon keṭap-keṭap kasorotan srengéngé, kuṭa sutji lan kuṭa pepunḍèné: bangsa Israèl.

Gusti Jésus ija mèlu ngrasakaké kabungahan. Iba ta éndahé tanah kagungané, iba ta bungahé wong-wong kang paḍa bareng mlaku, kaja apa kepénginé pirsa padaleman sutji, dalemé Gusti Allah, ija dalemé Kang Rama pijambak. Kaja apa ta kepénginé mèlu ngrijajakaké rijaja kang sutji mau, mèlu ngepung jèn paḍa mangan bebarengan, kajadéné bangsa Israèl bijèn nalika ngarepaké buḍal ing wajah bengi saka tanah Mesir; déné sing paḍa dipangan jaiku: daging tjempé sing wis dipanggang, roti tanpa ragi lan djangan kang pait. Lan manèh kaja apa ta kepénginé Gusti Jésus mèlu ngidungaké kekidungan pamudji kondjuk marang Gusti Allah.

Enggoné paḍa bebarengan lumaku nganti sawetara dina. Ing sadalan-dalan sinambi ngidungaké kekidungan; swarané wong ngidung paḍa sesauran muwuhi gambiraning laku. Saja tjeḍak karo Jerusalèm, atiné wong-wong mau saja seneng. Wekasané—saka saḍuwuring punṭuk omah-omah ing sadjeroning kuṭa sutji Jerusalèm wis katon putih-putih kasorotan srengéngé. Nanging sing saka kadohan wis katon apik ḍéwé jaiku Padaleman Sutji, katon munggur, geḍé ndjenggarang, nanging ija katon ndjenggereng ngengreng; pilar-pilaré ginawé saka watu marmer putih lan rerenggané saka emas katon pating glebjar.

Marga kapanduk déning daja prabawané Padaleman Sutji sing katon wingit, wong-wong mau bandjur paḍa sudjud djèngkèng saos bekti marang Gusti Allah.

Saka kéblat papat wong golongan paḍa ambjuk ing kuṭa Jerusalèm, klawan paḍa ngidung kekidungané rijaja; ndledeg lakuné wong mlebu ing gapurané kuta.

Mengkono uga Gusti Jésus banget karenan galihé, déné saiki, senadjan ngagem sarira manusa, bisa ngluhuraké Allah Kang Rama ing swarga, bebarengan karo umaté Allah ing Jerusalèm.

Rijaja Paskah mau enggoné dirijajakaké suwéné pitung dina. Jusup lan Marjam, kaja salumrahé wong sing paḍa ngibadah, enggoné paḍa ana ing Jerusalèm nganti sarampungé rijaja.

Salebaré rijaja, wong golongan mau bandjur paḍa buḍalan mulih menjang panggonané ḍéwé-ḍéwé. Wong-wong sing paḍa arep mlaku bebarengan, paḍa ngumpul ana ing gapura. Mengkono uga kafilah sing arep mlaku ngalor menjang ing laladan Nasarèt, wis paḍa nglumpuk ana ing kono, samekta ing laku, barang-barang gegawané, lan botjah-botjah sing paḍa melu wis paḍa tjumepak, kéwan tunggangan dalah pengiridé wis paḍa miranti. Wong tuwa anom, sugih miskin paḍa sajuk sabaja-pati. Umjung swarané wong sing paḍa arep budal.

Bareng wis ana tengara buḍal, kafilah mau bandjur wiwit mlaku. Lakuné wong-wong mau akèh sing sinambi nolah-nolèh ngingetaké kuṭa Jerusalèm, ésṭané kaja arep ngutjapaké salam pamitan sing wekasan marang kuṭa Sutji mau, sadurungé ilang saka ing sawangané kaaling-alingan ing punṭuk-punṭuk.

Jusup lan Marjam wis bola-bali mulat ngiwa nengen, awit krasa jen isih ana sing kari. Wis rada suwé putrané durung katon, nanging bokmenawa awor karo botjah-botjah lijané, ana sisih buri kepara adoh. Wiwitané atiné ajem baé, awit pangirané sedéla manèh putrané mesṭi nututi.

Nanging bareng wis ngarepaké wajah soré putrané durung ana katon, atiné wiwit sumelang. Putrané énggal digolèki mrana-mréné, kafilah mau diturut saka ngarep tekan buri, ditakokaké menjang wong-wong tunggal désané, bokmenawa ana sing weruh, nanging wong semono kèhé ora ana sidji sing weruh Gusti Jésus.