Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/200

Kaca iki wis divalidasi
„PAUL, RASULÉ JÉSUS KRISTUS, AWIT SAKA KARSANÉ ALLAH, TUMEKAA MARANG PARA SUTJI LAN KANG PAḌA PRATJAJA ANA ING PATUNGGILANÉ KRISTUS JÉSUS.”

marek marang ngarsané Paul kambi nggawani sadulur-saduluré sing nanḍang lelara warna-warna, lan sapa sing njeḍak, bandjur diwarasaké sanalika. Ana ing kono Paul ora lali nedahaké wong-wong mau marang Sang Djuru Slamet, kang kwasa maringi karahajon langgeng marang angger wong kang pratjaja marang Pandjenengané.

Telung sasi lawasé enggoné wong-wong mau paḍa dadi rerumatané wong ing Malta. Bareng ana kapal mantjal saka ing pulo Malta, wong mau kabèh pada mèlu mbatjutaké lakuné, disangoni apa sakabutuhané déning wong-wong ing pulo Malta, kagawa saka enggoné wis karoban kabetjikan déning pitulungané rasul Paul. Prau sing dinunuti mau atjiri gambaré déwa kembar, kang aran Kastor lan Poluks; bareng enggoné lelajaran olèh sawetara dina, lestari tutug ing tanah Itali klawan slamet.

Mengkono uga Paul. Satemené Julius kepéngin banget ngluwari Paul, supaja adja tansah dadi lelaran, nanging Julius ora wani nerak ḍawuhé sang prabu. Éwadéné Julius ora bosen njritakaké marang wong ing Rum bab kabetjikané Paul nalika paḍa bareng lelajaran. Awit saka kang mengkono mau rasul Paul kelilan dedalem pijambak karo pradjurit sing rumeksa, dadiné ora nganti dilebokaké ing pakundjaran kajadéné wong lelaran lijané. Mangka pamanggoné Paul ana ing dalem olèhé njéwa pijambak nganti lawas, nanging panggalihé Paul adjeg tentrem lan ajem djalaran tansah rumaos kaajoman déning Gustiné ....

WEKASANÉ lelakoné rasul Paul ora ditjritakaké ing sadjroné Kitab Sutji. Enggoné manggon ing negara Rum nganti rong taun lawasé lan ana ing dalemé pijambak mau Paul wenang nampèni sakèhé wong sing paḍa teka nemoni, paḍa diwartani bab kratoné Allah lan diwulangi bab Gusti Jésus Kristus klawan luwih tatag lan ora ana wong kang ngalang-alangi.

Prakara iku ndjalari kabungahané rasul Paul, senadjan dadia wong lelaran pisan, nanging isih olèh wewengan nggelaraké marang wong akèh bab sihé Gusti Jésus.

Salawasé dadi lelaran rasul Paul ora kèndel-kèndel njerat serat kintunan, minangka sulihé enggoné maringaké pangandika marang para wong Kristen sing paḍa manggon ing kuṭa-kuṭa, Korinta, Éfesus, Filippi, lan serat marang para mitrané, jaiku Timotéus lan Filémon, apadéné serat marang bangsa Jahudi. Senadjan pisah adoh karo para murid lan