Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/32

Kaca iki wis divalidasi

34

ING JERUSALÈM

***

dèkaké ḍèk wingi-wingi!” Pangantèné lanang tumuli diaturi lan rada dipaido: „Dados sampéjan taksih gaḍah anḍungan anggur. Kula kinten, angguripun sampun telas sedaja. Tjobi sampéjan itjipi, rak punika anggur nomer setunggal! Kénging punapa boten sampéjan segahaken rumijin? Limrahipun tijang njegahaken anggur ingkang saé rumijin. Déné menawi para tamu anggènipun ngundjuk sampun kaṭah, ladjeng njegahaken ingkang kirang saénipun. Mangka sampéjan kok nganḍungaken ingkang saé ngantos samangké!

Pangantèn lanang mung njawang pramugari mau, awit ora ngerti apa-apa. Nanging para sinoman bandjur mara lan nganḍaraké apa sing mentas kelakon, karo nudingi Gusti Jésus: „Punika tijangipun ingkang nḍawuhi kula!” .... Sabandjuré.... lelakon kang banget ngéram-éramaké mau seḍéla baé wis sumebar ing antarané para tamu, pawarta mau tular-tumular saka wong sidji menjang sidjiné, lan angger wong sing ngrungu pawarta mau, bandjur kepéngin mèlu ngrasakaké anggur sing kedadéjané saka banju tawa, mangka rasané ora kalah karo anggur peṭingan.

Saiki wong-wong sing ana ing padjagongan mau enggoné njawang Gusti Jésus kanṭi pakéring lan wedi, djalaran durung paḍa ngerti, sapa sadjatiné Gusti Jésus iku. Ana sawenèh sing bisik-bisik: „Iku anaké Marjam. Meneng-meneng bisa njulap banju dadi anggur. Gèk keprijé bisané? .... Mesṭiné bakal dadi nabi geḍé!”

Nalika iku sing geḍé banget panuwuné marang Gusti Jésus iku pangantèné lanang, awit wis olèh pitulungan; déné sing bungah lan lega atiné iku Marjam, lan sing munḍak mantep pangandelé iku sekabat wong lima. „Sanjata Pandjenengané iku Sang Mesih, Putrané Allah. Wiwitan mula aku wis paḍa ngandel, nanging saiki aku wis paḍa jakin temenan,” kaja mengkono pangunandikane sekabat wong lima mau klawan kabungahan.

IKU mau pratanḍa kang kawitan kang mbabaraké mahakuwasané Gusti Jésus ana ing ngarepé wong akèh. Lan ora mung sepisan dji iku baé enggoné wong-wong bakal njawang marang kebabaring kamuljané Gusti Jésus, malah nganti ora kena diwilang tjatjahé kaélokan sing diparingaké marang djagad. Nanging selawasé ora tau Gusti Jésus ngagem mahakuwasané kang makolèhi Ḍiri-pribadi, senadjana Gusti lagi nanḍang kemlaratan lan karépotan pisan. Gusti Jésus tansah ngagem kaélokan mau samangsa perlu njlametaké manusa, lan samangsa arep ngluhuraké Sang Rama kang ana ing swarga.

Ana ing bawahan memanton ing Kanah Gusti Jésus malihaké banju dadi anggur, nanging enggoné nindakaké mau klawan siḍeman, ora ndadak nglumpukakè wong akèh utawa ora ndadak njebar wara-wara luwih ḍisik .... Pakarjané Allah kang sarwa élok lan ngéram-éramaké iku kelakoné tansah tanpa sabawa, kajadéné mingseré lintang-lintang ing langit wajah bengi, pinḍa mekaring kembang-kembang sing ketaman soroting srengéngé ing wajah awan.

ING JERUSALÈM

KATJARITA, nalika ngarepaké rijaja Paskah, Gusti Jésus lan para sekabaté bandjur tindak menjang ing Jerusalèm, perluné paḍa arep ngéling-éling rijaja Paskah kang kawitan ḍèk djaman kuna lan ngéling-éling bab geḍéning sihé Gusti Allah marang umat kagungané. Pangéling-éling mau ditindakaké ana ing padaleman sutji ing Jerusalèm.

Kuṭa Jerusalèm wiwit munḍak ramé. Umjung swarané wong golongan sing paḍa teka saka désa ngadésa. Déné sing raméné paḍa karo pasar sing lagi tumawon iku ing sakiwa tengené padaleman sutji, malah ing djero palatarané, sangarepé padaleman sutji.

Ing kono panggonané para imam njaosaké kurban lan panggonané wong-wong sing paḍa nggawa kurban; ing kono ija papané wong paḍa sembahjang, béda-béda patrapé, ana sing tanpa swara, sembahjangé mung dibatin baé, ana sing njuwara seru supaja kaweruhana ing wong akèh; nanging—ana ing palataran kono uga, ing ngiringan, akèh wong sing paḍa adol sapi lan weḍus, apadéné manuk dara, njeḍijani kabutuhané wong sing paḍa arep saos kurban. Blantik-blantik mau enggoné njuwara nawakaké dagangané wis tanpa ngèngèh-ngèngèh, binarung swara pambengahé sapi lan pangembèké weḍus, wis ora ngélingi wong-wong sing lagi paḍa sembahjang, adja manèh ngélingana geḍéning sihé Allah marang umat kagungané, djalaran sing paḍa diudi lan dipikir mung ḍuwit, saja akèh, saja betjik.

Ing kana kéné ana médja ènḍèk, médjané wong paréjalan, ḍuwité petjah wis ditaning-taning ing ngarepé, njeḍijani wong-wong saka mantja pradja sing paḍa arep ngidjolaké ḍuwité, wis mesṭi baé sing diudi wong-wong paréjalan mau ora lija ija mung unḍaking ḍuwité ḍéwé.

Saben wong arep mlebu ing padaleman sutji, kudu asok pisungsung satengah sèkel; iku wis dadi pisungsung adjegan. Lan sing ora duwé ḍuwit tengahan sèkel, ora perlu kuwatir, awit wong paréjalan wis njeḍijani kabutuhané, waton kurup karo kangèlané, Mulané wong-