Kaca:Babad Saka Kitab Sutji.pdf/78

Kaca iki wis divalidasi

***

„ÈFFATA”

79

ditunḍung saka ngarsané, lan Pandjenengané babar pisan ora mengku duka. Enggoné Gusti Jésus kétoké ora ngrèwès marang pasambaté wong wadon mau, lan ora kersa énggal maringi pitulungan, iku mung kanggo njoba kaantepané lan kanggo nedahaké marang para sekabat, jèn wong wadon bangsa kapir iku luwih gedé pangandelé marang Pandjenengane katimbang wong Israèl sing akèh-akèh.

Ing kono ḍawuh wangsulané Gusti Jésus: „Hé pawong sanak, teka geḍé pangandelmu, kowé ketekana kaja kang dadi karepmu.”

Lega atiné ngrungu ḍawuhé Gusti Jésus sing wis suwé dianti-anti, wong wadon mau bandjur énggal mulih menjang omahé, lan anaké tinemu lagi teturon, wis kaontjatan ḍemité, pulih waras kaja wingi uni, tjotjog karo pangandikané Gusti Jésus mengkéné: „Ḍemité wis metu saka ing anakmu.”

Anadéné para sekabat paḍa njawang marang Guruné semu gumun. Akèh wong Israèl sing paḍa ora ngandel, malah njatru marang Pandjenengané, mulané klawan ati seḍih enggoné paḍa ninggal negarané, biḍal menjang ing tanahé bangsa kapir. Djebul saiki .... ana ing tengahé bangsa kapir para sekabat mau malah paḍa neksèni ḍéwé pangandelé wong wadon sing semono geḍéné kaja sing durung tau diweruhi ana ing Israèl. Wong wadon mau ora kenḍat-kenḍat panguwuh lan panjuwuné, nganti wekasané panjuwuné mau kadjurungan.

Gagasané para sekabat: „Pantjèn nggumunaké temenan, déné Gusti kersa melasi wong kapir.”

Para sekabat durung bisa mbobot sepira geḍéné katresnané Gusti Jésus, durung tutug enggoné paḍa nggegulang bab tumindaking katresnan.

BÉSUK ing tembé, samangsa Gusti Jésus wis séda, bésuk para sekabat lagi paḍa bisa ngerti klawan tjeṭa sing saiki durung dingertèni.

„ÈFFATA”

KATJARITA sawisé ndjadjah pagunungan Libanon Gusti Jésus bandjur wangsul ing laladané tanah Israèl, ing satengah-tengahé tanah Dékapolis, nglangkungi segara Galiléa ing sabrangé Kapernaum, dadi ing tanah panggonané wong kesurupan ḍemit Legijun, sing bandjur paḍa mandjing ing babi sapanṭa geḍé.

Lagi baé Gusti Jésus nḍarat ana ing tanah kono, pawarta bab rawuhé wis sumebar ing endi-endi, temahan wong pirang-pirang paḍa ambjuk ana ing panggonan kang dirawuhi Gusti Jésus, kambi njowanaké sanak seduluré sing paḍa nandang lelara warna-warna ....

Gusti Jésus nguningani tekané wong golongan mau. Iku kabèh wudjuding sangsara panggawéné dosa, opahing piala kang ndjalari manusa paḍa kataman ing kasusahan lan karépotan ana ing donja, mangka ing nalika wiwitan manusa iku tinitahaké pinundjul lan sampurna ngungkuli sakabèhing dumadi. Trenjuh galihé Gusti Jésus mirsani kasangsarané manusa, mulané klawan legawaning penggalih Gusti paring pitulungan.

ING kono ana wong lara kairid marek ing ngarsané Gusti lan disuwunaké muga katumpangana asta. Wong mau buḍeg lan tjéḍal. Dadi wong mau ora tau bisa ngrungu apa kang diḍawuhaké Gusti Jésus lan ija rekasa jèn arep nglairaké rasaning atiné.

Wong mau bandjur diadjak misah saka ing tengahé wong golongan, menjang panggonan sing rada nḍéwé, dadi wong mau mung aben adjeng karo Gusti Jésus pijambak. Gusti ora paring pangandika apa-apa, nanging bandjur tumanḍang: kupingé wong mau bandjur dilebeti dridjiné, lan sawisé ketjoh Gusti bandjur ndumuk ilaté. Wong mau wis njanḍak apa sing dikersakaké Gusti sarana patrap mengkono iku. Kuping lan ilaté iku sing tjatjad, sing ndjalari tjilakané wong mau. Bareng kuping lan ilaté diasta Gusti Jésus, sanalika wong mau njanḍak jèn Gusti kersa njarasaké lelarané. Tindak mengkono iku luwih tjeṭa tinimbang pangandika pirang-pirang.

Ing kono Gusti Jésus bandjur tumenga marang langit kanṭi ngesah. Kaja mengkono patrapé Gusti Jésus enggoné ngundjukaké panjuwun marang Sang Rama ing swarga, mung sarana dibatin baé, sarta enggoné ngesah mau nélakaké trenjuhing galihé mirsani akèhing pananḍang lan sangsara kang ana ing djagad. Sawisé mengkono Gusti bandjur ngandika: „Èffata!” tegesé: mengaa! Lan sanalika kupingé wong mau bandjur menga, apadéné ilaté kaja-kaja bandjur kauḍaran, temahan tètèh patjelatoné. Iba begdjané wong mau, djalaran wis ora buḍeg manèh; saiki bisa ngrungokaké apa kang njuwara gumjah ing sakiwa tengené, luwih seneng manèh atiné déné saiki bisa mèlu ngrungokaké ḍawuh pangandikané Gusti Jésus kajadéné wong-wong lijané .... Mengkono uga saiki wis bisa guneman tjeṭa, bisa gijak-gijak nglairaké kabungahaning atiné lan mudji sokur bebarengan karo wong akèh, sing paḍa kagawokan njumurupi kaélokan mau sarta ngutjap mengkéné: „Wong buḍeg dadi paḍa bisa ngrungu lan wong tjéḍal dadi paḍa bisa tjelaṭu! Pantjèn pandamelé iku sarwa betjik!”