Kaca:Babad Solo.pdf/10

Kaca iki wis dikorèksi
9

Dados siti Talawangi kaliyan siti Sala kalih-kalihipun sami kanggé. Terang dhawuh-dalem lajeng dipun yayasani Kadhaton sapamunggilanipun.

Abdidalem lurah undhagi sami anggarap. Ingkang sami dados kamisepuhipun undhagi KYAHI PRABASANA kanthi KYAHI HARYASAMA, KYAHI RAJEGPURA, KYAHI SRIKUNING kanthi bausuku mancanagari. Ingkang anjanengi ADIPATI PRINGGALAYA kanthi Bupati njawi-lebet sadaya. Sampun paripurna rakiting nagari, ananging kala samanten dèrèng pinageran banon: saweg Jaro bethék kémawon Ingkang kanggé dandos-dandos. Dadosing nagari SURAKARTA HADININGRAT sinengkalan "Sirnaning Resi Rasa Tunggal" (1670).

Kacarios kala samanten Adipati Pringgalaya sampunan anampèni palapuranipun abdidalem ingkang sami andandosi Kadhaton sampun paripurna. Para Nayaka sekawan lengkung suka, lajeng nyaosi unjuk dhumateng Sampeyandalem anyaranani Kadhaton.

Ingkang Sinuwun karena ing galih, lajeng Dhawuh mundhut brana tuwin arta, kaparingaken Adipati Pringgalaya; kadhawuhan maringaken dhateng abdidalem ingkang mentas nyambut damel. Sang Nindya Mantri matur Sandika badhé nampèni kucah-dalem.

Sadumugining njawi ganjaran-dalem wau lajeng kabagé ingkang sami nggarap sadaya, sampun waradin. Para Wadana Kaliwon, Panèwu, Mantri, Lurah, Bekel, Jajar, sami suka nuwun sami anampi ganjaran.

Sareng antawis dinten Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Paku Buwana ingkang kaping II animbali sang pujangga Tumenggung Tirtawiguna kaliyan Pangéran Wijil. Risang kekalih sampun manjing pura, mareg ingarsa-dalem. Ingkang Sinuwun andangu dhumateng Tumenggung Tirtawiguna kaliyan Pangéran Wijil. Dhawuhing pangandika-dalem:

"Hèh Tumenggung Tirtawiguna, marmane sira ingsun timbali marang ngarsaningsun, sarta sira Pangéran Wijil,pada ingsun pundhuti susurupan, apa kang dadi kupiya sarta isaraté panjenenganingsun ngalih nagara iki."

Unjukipun Tumenggung Tirtawiguna:

"Kawula nuwun. Menggah ingkang dados isaratipun:

(I). Nalika panjenenganipun nata binathera PRABU YUDAYAKA pindah nagari Yawastina, makaten sarananipun: