Kaca:Babad Solo.pdf/113

Kaca iki wis dikorèksi
111

 TETINGALAN LANGENDRIYAN

Tetingalan Langendriyan punika limrahipun ingkang nindakaken tiyang èstri sadaya. Panganggé irah-irahan lan jarangipun ingkang dipun tiru wayang krucil/klithik. Ingkang kadamel lampahan inggih mendhet lampahaning ringgit krucil : Damarwulan ambedhah Blambangan, ambekta boyongan katur ratu ing Majapahit, lajeng dhaup kaliyan sang ratu Dèwi Subasiti (Kencanawungu), terus jumeneng ratu wonten ing nagari Majapahit. Pocapanipun langendriyan punika béda kaliyan pocapan ing ringgit tiyang, amargi pocapaning Langendriyan punika mawi kasekaraken anut laguning gendhing.

 Manawi dipun manah ingkang sayektos, sami-sami tetingalan — ringgit tiyang kaliyan langendriyan — pancèn mengsemaken manah saèstu ningali beksan langendriyan punika, saya malih tumrapipun tiyang jaler; sampun tamtu mesthi tikel remen ningali langendriyan tinimbang kaliyan ringgit tiyang. Sanadyan tiyang èstri pisan, inggih kathah ingkang remen ningali langendriyan.

 Tumraping tiyang jaler, ningali langendriyan punika kajawi resep dhateng paningal nyumerepi para pawèstri ingkang sami dandos cara wirèng sami katingal ayu-ayu, saga éndah ing warni kabekta sami karengga ing busana ingkang sarwi gumebyar, ugi winuwuhan sakécaning pamirengan, inggih punika mirengaken pocapaning wirèng ingkang sami mbeksa mawi tetembangan ingkang anurut lagu wiramaning gendhing, prasasat mirengaken gérong lan sesindhènaning para pawèstri, ingkang kapireng nganyut-anyut ngantos karaos ing manah. Inggih makaten punika ingkang sok anggadhahi raos lam-lamen tumraping para kakung ingkang sami ningali langendriyan.

  Namung kuciwanipun déné carios lampahanipun boten saged gentas-gentos. Namung mligi carios lampahanipun Damarwulan wiwit ngèngèr ngantos dumugi saged ambedhah Balambangan. Ratu Ménak Jingga pejah. Damarwulan jumeneng ratu Majapahit, sampun telas. Ingkang adhakan ingkang kapendhet namung pethilan perangipun Damarwulan, mengsah kaliyan Ménak Jingga. Ingkang makaten punika satemah andadosakeun bosenipun titiyang ingkang sami ningali. Mila saya dangu langendriyan punika lajeng boten patos pajeng.