Kaca:Babad Solo.pdf/123

Kaca iki wis dikorèksi

121

* PAKEMPALAN

Jaman samanten pakempalan sampun wonten. nanging namung satunggal, namanipun Pakempalan "Bandha Laksana". Warganipun antawisipun 10 dumugi 25, kagolong bangsa luhur darah Mangkunagaran, tuwan-tuwan bangsa Walandi, tuwin para priyantun abdidalem Mangkunagaran.

Para warga wau anglempakaken arta pinten rupiah ing dalem satunggal-tunggaling warga, miturut kekiyatanipun warga piyambak-piyambak. Punika dados andhil utawi sahamipun. Arta ingkang ngalempak ngantos pinten-pinten dasa èwu rupiah, lajeng dipun anggé potang. Nanging ingkang dipun sambuti wau namung para putra sentana-dalem dumugi para abdidalem ageng alit lan para abdinipun para putra, sentana-dalem ingkang tampi blanja wulanan tetep.

Adegipun pakempalan punika mawi idi saking ngarsadalem Kangjeng Gusti piyambak.

Jaman samanten taksih tumindak gampil-gampilan.

Saben sambutan f 10,- (sedasa rupiah) cicilanipun f 1,- saben wulanipun; 15 wulan pundhat. Janji blanjanipun tiyang ingkang nyambut taksih cekap kadamel cicilan, nyambuta pinten kémawon angsal. Upami blanjanipun f 30,- sawulanipun, saged angsal sambutan f 300,-

Lebeting cicilan kacowok déning pangagengipun ingkang wajib ambagi blanja. Ingkang badhé nyambut kedah damel serat prajanjian tanpa ngaturi tanggalan barang punapa-punapa. Panyambut ingkang lowong cicilanipun, boten naté dipun prakawisaken dhateng pengadilan. Saben Tahun pakempalan wau saged ambagé bebathenipun.

* SERAT KABAR

Jaman samanten serat kabar ingkang wonten namung satunggal, inggih punika "Bramartani"; medalipun namung dinten Jumuah: Ing Mangkunagaran namung para luhur saha priyantun inggil ingkang langganan. "Bramartani" punika surat kabar pisanan ingkang mawi basa Jawi. Serat kabar ingkang mawi basa Melayu kawedalaken ing