Kaca:Babad Solo.pdf/3

Kaca iki wis divalidasi

— 2 —

P U R W A K A

  Wiyosipun, kula ngaturi pirsa menggah isining serat punika bakunipun nyariosaken kawontenanipun Surakarta ing jeman kina, bab tata-caraning Karaton Kejawèn wiwit tahun 1746 dumugi tahun 1942 Masehi; sadaya wau nemung kula ringkes kapandhet ingkang perlu-perlu kémawon.

  Wontenipun kula nyerat bab punika, namung saperlu badhé ngungkapaken carios lelampahan ingkang sampun sami kapendhem, ingkang tumrapipun jaman sapunika namung kantun dados dedongéngan kémawon. Anak putu ingkang kapingin nyumerepi kawontenanipun kitha Sala saha Karatonipun tuwin dedongénganipun mbokbilih cekap maos buku punika kémawon, awit kados-kados serat punika sampun nama cathetan ingkang jangkep.

  Menggah panyerat kula punika mawi waton methik-methik saking serat-serat kina, Babad, Pèngetan sarta serat sanès-sanèsipun, ingkang wonten sambetipun kaliyan carios kawontenanipun nagari Surakarta.

  Ing sarèhning sapunika kathah wisatawan ingkang sami andhatengi kitha Sala, kados-kados serat punika wonten paédahipun, awit saged kanggé suka pitedah dhateng para tamu.

  Ing wasana serat punika mugi dadosa pèngetan ing bab carios kawontenaning kithanipun nagari Surakarta Hadiningrat ingkang kondhangipun nama kitha Sala.

kula Bapak R.M. Sajid

Kebonan Kadipala III/19, Sala
(seniman)