Kaca:Babad Solo.pdf/39

Kaca iki wis dikorèksi

Bangsal Winatal punika pepan pasowanipun para abdidalem ingkang ampil-ampil upacaraning keprabon, kadosta Banyak Dhalang, Sawunggaling, Kacu Has, Hardawelika lan sapanung- gilanipun.

Bangsal Manguneng, punika papan lenggahipun mariyem Nyai Setomi. Bab Nyai Setomi kula aturi maos Bagian Pusa- ka-pusaka ing keca

Bangsal Gandhèk Kiwa, punika papan kanggé nyadhiyakaken pasugatan pista ingkêng dipun wontenaken ing Siti Inggil.

Nama-namanipun mariyem ingkang kapasêeng kagen Têreng- ganing Siti Inggil, saking kilèn wan-étan.

1. Mariyem Kyahi Bringsing -pisungsung saking nagari Siar (Muang Thai)

2. Mariyem Kyahi Bagus - pisungsung saking Jéndral Van der Loen

3. Kariyonm Kyani Nangkula, - pisungsung saking Kumpeni/VOC

4. Mariyen Kyahi Kumbarawa - iyasan Mantaram ing tahun Jawi 16145 (Masêhi 1623)

5. Mariyem Kumbarawi - iyasan Mantaram irig tahun Jawi 1545 (Hasèhi 1623)

6. Mariyem Kyahi Sadéwa - pisungsung saking Kumpeni/VOC

7 Mariyem Kyahi Alus - pisungsung saking Jêndral Van der Leen

8. Wariyem Kyahi Kadhal Buntung = Kyahi Pamecut = Kyahi Wasa Kumali, iyasan Mantêram.

Nama-namanipun gangsa kagungandalen, ingkang wonten ing Siti Inggil:

1. Gangsa Kyahi Singa Krura, inggili punika gangsa Setu. 2. Gangsa Kyahi Suka Sih 3. Gangsa Kyahi Pamedar sih 4. Gangsa Kyahi Banjir, — kanggé suka tandha dinten Bakda Garebege 5. Bendhé Kyahi Samparan kaliyan Kyahi Déwa Dhenta - wonten ing kamar,dipun krukub ing klambu 6. Gong ageng Kyahi Surak,punika gong monggang 7. Gong ageng Kyahi Kanigara 8. Gong ageng Kyahi Kumitir,Yasandalem Pakubuwana IV 9. Gong ageng Kyahi Braja Hérawana