Kaca:Babad Solo.pdf/5

Kaca iki wis divalidasi
4

ngandika-dalem, lajeng sami bidhal dhateng sawétaning nagari. Boten watawis dangu angsal titikan pasitèn ingkang sakalangkung pélag (saé) sarta sitinipun wangi; katelah ingriku kasebat namaning dhusun Talawangi (ing sapunika nama Kadipala), lajeng dipun babadi ngantos waradin, tuwin lajeng dipun cengkal dados pakamanganing Kadhaton.

 Kyahi Tumenggung Tirtawiguna mawa ukuraning nagari boten pikantuk, kagalih kirang bawéranipun; karembag malih ingkang dados prayogining lampah, sampun ngantos boten angsal damel.

 Pangeran Wijil lajeng anitik pasitèn nalih, sani dhateng ing Sala. Pangéran Wijil kaliyan Kyahi Tumenggung Tirtawiguna tansah prihatos; èsthining panggalih nyenyuwun sagedipun raharja badhéning Kadhaton. Prayagung kekalih sami manungku puja wonten satepining Kedhung Kol, lajeng angsal wangsiting Gusti Ingkang Murbeng Bawana. Makaten ujaring suwara:

 “Hèh kang padha manungku puja, yèn désa Sala iku wis pinasthi bakal dadi nagara gung, luwih karta raharja. Ananging katemun karo Kyahi Gedhé Sala; ing kono kang sumurup mula-bukane ing nguni-uni."

Satelasing wangsit Pangéran Wijil lajeng késah dhateng Kedhung Kol, mangilèn dhateng ing dhusun Sala.

 Sadumuginipun ing dhusun Sala, Pangéran Wijil kaliyan Kyahi Tumenggung Tirtawiguna malebet ing pakaranganipun Kyahi Gedhé Sala, sakalangkung bingahing manah. Kyahi Gedhé Sala énggal amethukaken utusaning Nata, lajeng kadhèrèkaken malebet ing griya.

 Sareng sampun sami satata lenggah, ingriku sami rerembagan kalampahanipun ing damol badhé nitik titining paneca dhusun Sala. Kyahi Gedhé Sala matur kawontenanipun ing jaman rumiyin :

 “Dhuh sang Pangéran, mbokmanawi kapareng midhangetaken lepiyan ing ngajeng; makaten saking kaèngetan kula. Kala jaman nagari ing Pajang putranipun Tumenggung Mayang séda kasilayah (kawesi asat) ing Ratu, awit kalepatan déning panjenengan-dalem Nata. Kiwesi asat kasulayah dumigi pejah. Wangké kalurung wonten ing lèpèn Pépé, kasangsang wonten sawétaning siti Sala. Kala samanten bekelipun ing dhusun ngriku nama Kyahi Sala; pramila lajeng katelah dhusun Sala.