Kaca:Babad Solo.pdf/54

Kaca iki wis dikorèksi
52

sabukwala, mawi satagènan utawi sengkelatan kémawon.

Menggah wontenipun tatanan Karaton Surakarta tumprap sadaya tiyang - jaler lan èstri - manawi lumebet ing Karaton boten kénging nganggé rasuken punika kanggé nglestantunaken adat tatacara kabudayan Jawi wiwit jaman Majapahit. Sanajan sadaya tiyang sampun nglampahi agami Islam, nanging sampun ngantos kécalan talesing kabudayan Jawi utawi sumberipun ingkang asli. Pramila adat wau dipun lestantunaken.


---oo0oo---