Kaca:Babad Solo.pdf/55

Kaca iki durung katitiwaca

KAWONTENANIPUN KARATON SURAKARTA MANAWI NUJU DINTEN PASAMUAN AGENG

Menggah ingkang kawastanan dinten pasamuan ageng punika. kadosta Garebeg Mulud (tg. 12 Rabingulasal), Garebeg Pase (Idul Fitri, tg. 1 Sawal) kaliyan Garebeg Besar (Idul Ad- ha, tg. 10 Besar). Ugi wonten malih dinten ageng, inggih punike. tedhak jagong dhateng ing Loji Gubernuran (sade- rengipun tahun 1928 kasebat Karésidènan), dinten wiyosan jumenengan-dalem, Wisudhan, gadhah damel mantu, len sa- panunggilanipun ingkang kaanggep ageng.

Sadaya abdidalem kadhawuhan pasowanen byukan. Sami ma- nganggé pangageman kadhinesan miturut kalenggahanipun pi- yambak-piyambak. Inggih punika ngagem rasukan sikepen a- geng, kulukipun kesting cemeng, kampuhen clana pethak pan. jang, ngangg dipuwung warangka ladrang capon, nyangkelit wedhung.

Abdidalem ngalama kulukipun nangka satugel (kados ke- thu), ingkang dipun ubed-ubedi dulban pethak.

Abdidalem pangkat Jajar kulukipun hosting pethsk. Para Bupati kulukipun kanigaran.

Para pangéran. dodotan ngumbar konca; kulukipun methak - seru biru, ngagem clena cindhé panjang. Pepatihsalem pa- ngagemanipun sami kaliyan para pangéran.

Tandha andhap-inggiling pangkat saged kapirsanan sa- king agemipun rasukan ingkang sami dipun agen. Momawi bludiranipun wiyar wiwit jangga kebak, lajeng ing dha- dha ugi katingal kebak, ing lengen katingal wiyar puni- ka pangkatipun inggil, inggih punika Pepatih-dalem. Mann- vi Bupati dipur. suda wiyaripun bludiren punika wau.

Manawi ing jangga sarta ing dhadha dumugi lengen na- mung katingal njlarit, punika pangkatipun antri. Ing- kang kapareng mawi bludiran punika namung dumugi pang- kat Mantri.