Kaca:Babad Solo.pdf/59

Kaca iki durung katitiwaca

57

Kyai Lurah Guna Leléwa kaliyan Kyai Lurah Suka Leléva.

Abdidalem Wiyaga Kasepuhan punika wonten kalih golong- an, golongan kiwa kaliyan tengen. Ingkang sasisih nama Mlaya, sasisihipun nama Pangrawit.

Ingkang pangkat Panèwu, Mantri dumugi Lurah panganggé- nipun kuluk kesting cemeng, rasukanipun sikepan verni a- brit, bakalipun rasukan saking kain laken; kempuhipun ba- thik soblog, clana panjang pethak, nganggé dhurung ma- rangka ladrang, nyangkelit wedhung; menawi taksih pangkat Jajar kulukipun kesting pethak.

Déné abdidalem Wiyaga Kadipatèn Anom ugi wonten kalih golongan, ugi kiwa kaliyan tengen. Ingkang sasisih nama Wiyaga, sasisihipun nama Pradangga.

Bab panganggé ingkang beda narung warnaning rasukan. Ingkang Kadipatèn Anom rasukan sikepan warninipun ijen.

Nanawi dinten Garebeg Mulud, pasébanipun wonten ing alun-alun ngajeng Sasana Sunéwa, nabuh gangsa pakurmatan wonten ing griya pagongan ingkang ageng, ingkang kapasang ing sangajenging Pagelaran Sasana Sunéwa: wétan sasisih, kilen sasisih, mawi tetenger payung agung kaliyan bandéra umbul-umbul (daludag), seni katancebaken wonten sengaje- nging pagongan manggon ing kiva lan tengen. Payung Agung punika payung ingkang ageng, dipun garaken, lajeng dipun krodhongi kain jingga abrit; payung sasisihipun krodhong ipun kain biru. Dados payung agung punika warni kalih, ingkang satunggal warni abrit, satunggalipun warni biru. Krodhongipun dipun tèmplèki sesekaran rinéka ales-alasan. Ingkang dipun anggé ngrengga ganbaran saking dlencang prada enas: kuning wedalan nagari Cina.

Ing sauruting margi wiwit saking ngajeng Fagelaran du- rugi Kori Galadhag, ingkang nangilèn wiwit saking Wari- ngin Kurung dumugi ing Gapura Masjid Ageng dipun rengga mawi katanccban bandéra rontèk: saben 25 meter dipun se- lingi bandera daludag (unbul-unbul). Pujuding bandéra warni-warni. Wonten ingkang abang-putih "Gula Klápa", ijo kuning "Paré Anom" lan sanès-sanèsipun..

Manawi pasanmuanipun wonten ing lebet Karaton, abdida- lem Wiyaga Kasepuhan anggenipun nabuh gangsa wonten ing Paningrat pendhapi ageng Sasana Sewaka, kaleres wonten saelèring Sasana Handrawina.