Kaca:Babad Solo.pdf/60

Kaca iki wis dikorèksi
58
Ingkang katabuh kagungan-dalem gangsa Kyahi Kadukmanis kaliyan Manisrengga.

Déné abdidalem Wiyaga Kadipatèn Anom anggènipun nabuh gangsa pakurmatan wonten ing Bangsal Pradangga, sawétaning plataran Pandhapi Karaton.

Abdidalem èstri pangkat Nyai Tumenggung dumugi Nyai Lurah, rasukanipun sikepan warni abrit, namung nyrngkolit wedhung, boten kapareng nganggé sengkang (suwengan); manawi wonten damel, kalung samir.

Para abdidalem sanèsipun sabagéan ageng rasukanipun sikepan ageng warni cemeng; bakalipun rasukan saking kain laken utawi sèrsi.

Menggah bab warsaning rasukan punika miturut golonganipun piyambak-piyambak. Wonten ingkang abrit, ijen, biru tuwin cemeng.

Tumrap abdidalem prajurit sadaya panganggèn sapangandeg ingkang ngawotenaken Karaton. Sawanci-wanci ing Karaton wonten kaperluan, para abdidalem prajurit sadaya kadhawuhan mendhet prabotipun piyambak-piyambak. Punika kawastanan "nyandhong prabot". Manawi sampun rampung ing damel, prabot lajeng kawangsulaken dhateng ing Kantor Magasèn ing Pamagangan.

Abdidamel ingkang nyanggi damel jawi-lebet, tegesipun mlebet medal, kadosta abdidalem Kebayan, tukang andhawuh-dhawuhaken, pandamelipun lumampah andhawuhaken, mubeng dhateng pundi-pundi adhedhawuh kanggé kaperluaning Karaton. Punika dipun parengaken malebet ing Karaton mawi rasukan, dipun wastani "manganggé klanthungan". Menggah klanthungan punika manganggé cara Jawi jangkep, rasukan atéla pethak utawi ijen kain rumput; cekap mawi udheng blangkon, boten kulukan.

Para santana-dalem ingkang boten ngabdi wiwit buyut dumugi grad V, manawi sowan ing Karaton dipun parengaken mangagem klanthungan, sinjang lèrèng tanpa mlinjon, manganggé dhuwung pendhok kemalo abrit.

Kula nuwun, menggah carios ingkang namung kantun dados dedongèngan kasebut nginggil punika, anggèn kula wigatosaken sanget sarta mawi kula saranani tetakèn dhateng para sa