Kaca:Babad Solo.pdf/61

Kaca iki wis dikorèksi
59

dhèrèk ingkang sami nglampahi damel nalika jaman samanten. Punika namung trirah luwung dados cathetan, kénging kanggé tambah seserepan dhateng para sadhèrèk ingkang dèrèng naté nyumerepi, sageda kanggé tambah pangertosan tumrap dhateng kawontenanipun nagari Surakarta nalika jaman samanten.

Menggah leres lepatipun ingkang ngéngingi bab tatanan, kula sumanggakaken dhateng para nupiksa ingkang langkung taliti dhateng ing bab sejarah ingkang sampun dados dedongèngan punika wau. Ingkang kula aturaken punika wau mugi-mugi dadosa panggigah tumrap para sadhèrèk kita saha anak putu kita sageda sami kèngetan dhateng kabudayan kita Jawi nalika jamanipun Karaton Surakarta Hadiningrat.

Mbokbilih wonten klènta-klèntuning atur kula, kula nyuwun gunging pangapunten. Nuwun.



---oo0oo---