Kaca:Babad Solo.pdf/68

Kaca iki wis dikorèksi
66

Panganggénipun: Jas clana sèrsi cemeng, dipun sukani setrip , tanpa sepatu, topi nam-naman saking deling, ing gulonipun wonten tanda PB (cekakanipun Paku Buwana) kaliyan angka urut, miturut cacahipun abdidalem Jagawèsthi.

Menggah pulisi Mangkunegaran Jagapraja" Panganggénipun ugi jas clana sèrsi cemeng,namung bédanipun mawi setrip pita ijem saha ing gulonipun dipun sukani tandha leter MN (= Mangku Nagaran). Ugi mawi angka nomer urut miturut cacahing abdidalem pulisi punika.



---oo0oo---