Kaca:Babad Solo.pdf/7

Kaca iki wis dikorèksi
6

 Ingkang Sinuwun kapinudyèng panggalih, lajeng nimbali KYAHI TUMENGGUNG HANGGAWANGSA. Sanalika Kyahi Tumenggung Hanggawasa lajeng sowan ing ngarsa-dalem; winartosan saliring karsa Nata, miwah lampah-lampah nitik badhé pindhahing Praja. Aturipun Tumenggung Hanggawangsa: "Prayogi karembang ing nagari."

 Ingkang Sinuwun lajeng nimbali ADIPATI PRINGGALAYA marek ing ngarsa-dalem; sampun dhinawuhan saliring rèh sadaya. Sang Adipati matur sandika, lajeng mundur.

 Sadamugining dalem Kapatihan lajeng karembag kaliyan para Nayaka jawi lebet sadaya. Ngantos samadya candra anggèning rerembagan. Pinanggihing rembag, ingkang prayogi kagem nagari saé kaliyan wecaning jangkanipun ing dhusun Sala.

 Déné ingkang kapilih kawitan inggih punika dhusun KADIPALA. Jangkanipun sanadyan papan saé boten ledhok, nanging jangkanipun énggal risak.

 Wonten malih ingkang katitik mangetan: dhusun SAHASEWU. Tanah lempar waradin, kawantunaken dhateng Kyahi Tumenggung Hanggawangsa, kirang prayogi, amarga tiyang Jawi badhé ngrasuk agami Buddha malih, tansah tukar kaliyan rowang. Ingkang kautus lajeng wangsul dhateng Kartasura, lapur ing Sang Nata.

 Dhawuh-dalem sampun marengaken, dhusun Sala lajeng dipun babadi, namung kapendhet sapinten wiyaripun ingkang kénging kagem Kadhaton dalah padalemanipun para Pangéran tuwin para punggawa.

 Sasampunipun lajeng damel serat ingkang badhé kadhawuhaken dhumateng Bupati mancanagari. Sadaya Bupati mancanagari ing bang wétan saha kilèn sami kapundhutan ladosan balok. Kathah kedhiking ladosan balok miturut ageng aliting nagarinipun piyambak-piyambak. Sareng balokipun sampun ngalempak, lajeng kacemplungaken ing rawa ngantos saged kebak waradin sadaya. Namung kantun talenging rawa dèrèng saged pampet, amargi kalebetan balok pinten kémawon tansah sirna. Malah saya ageng wedaling toya, lubèr mbalabar kados saganten.

 Pangéran Wijil, Kyahi Kalipah Buyut saha Pengulu Pekik Ibrahim sami nimbali sarat pujamantra, meksa tanpa daya. Malah medal GERÈH PÈTHÈK-ipun miwah GEREH LAYUR tuwin