Kaca:Babad Solo.pdf/73

Kaca iki durung katitiwaca

72

sih kidul wéten, ing lapung Carangan. ngadegipun ing dinten Senèn kaping 30 Rejeb tahun Jimawal 1837 tanggal 9 September 1907.

Adegipun Gapura Galadhag ing ngantos sapri... tak- sać punika nalika tahun Ehé 1860 utaal Hastin 1930, mi- nangka pisungsungipun bangsa Eropah ingkang manggèn ing Surakarta, konjuk Ingkang Sinusun Kangjeng Susuhunan Pa- ku Buwana kaping X, amarengi tingalan-dalem tetep yuswa 64 tahun (= tumbuk yuswa), ing dinten Kemis Legi, tanggal kaping 21 Rejeb tahun Alip 1859 utani kaping 3 Januari 1929.

Ing sakiwa-tengening gapuru wau kawewahan reca Gupala sakembaran, wangun Pandhita Yaksa kalang kinantang, asal saking dhusun Pandhansinping bawah Klatèn. Sakiwa tergen- ing margi Galadhag ingkang suvau peken, lajeng kawangun dados patemanan.

Pambikakipun Gapura ing peken Gadhing nama Gapurendra ing dinten Rebo kaping 23 Rabingulakir tahun Jinawal 1859 utawi kaping 22 Juni 1938.

Panbikaking Gapura ing peken Slomprétan saha ing Ba- thangan nalika dinten Rebo Paing kaping 17 Sura tahun Je 1870 utasi surya kaping 8 Maret 1939.

Gapura Masjid Ageng kala rumiyin wangun griya joglo. Gapura punika lajeng kasantunan wangun ingkang angenperi gapura ing tanah Arab. Panbikakipun nalika dinten Slasa kaping 6 Hulud tahun Dal 1831 utawi surye. kaping 25 Juni 1901.

Ing palataren masjid nalika tahun Jé 1854 (utawi 1923 Masèhi) dipun degi menara ingkang inggilipun kirang lang- kung 25 méter. Nelasaken weragad 35.000 gulden.

  • PEKEN (PASAR)

Ing salebeting kitha Surakarta punika kathah peken, na- nging boten wonten ingkang nyanèni Pasar Gedhe utawi Peken Ageng, awit kajawi kathah griya los-losenipun ing- kang ageng-ageng, pasaripun lumintu; saben dinten boten. wonten gothangipun. Bibaring tiyang sesadéyen kircug langkang jan 5 sonten.