Kaca:Babad Solo.pdf/81

Kaca iki wis dikorèksi
79

méyan ageng-agengan: siyang mawi dipun sukani sedhekah rebutan ing pinten-pinten panggénan, dalunipun mawi gambar sorot (bioskop) kaliyan kembang api saha wayang wong, sarta mawi pista ageng-agengan, ngulemi sadaya bangsa.

 Untabipun tiyang ingkang sami ningali- sepuh aném jaler èstri miwah laré-laré - sami lumampah andalidir tanpa pedhotipun. Kala rumiyin dèrèng kathah tetumpakan kados jaman samangké; wontenipun namung kréta, dhokar kaliyan bèndhi. Sepédha dèrèng wonten. Mobil taksih model kina, lan ingkang gadhah namung bangsa Walandi. Pramila rejaning margi-margi namung saking kathahing tiyang ingkang lumampah kanthi gembiraning manah, sami kusung-kusung ningali pambikaning Taman Sriwedari. Pambabaring Taman Sriwedari sinengkalan "Luwih Katon Esthining Wong", tahun Dal 1831 utawi tahun Masèhi 1899.


  • MUSEUM RADYAPUSTAKA

Museum Radyapustaka tuwin Taman Sriwedari, yayasan kalih warnai punika ingkang kagungan ada-ada. Pepatih-dalem Kangjeng Radèn Adipati Sosrodiningrat IV. Sadèrèngipun bikakan Museum Sanabudaya ing Ngayogyakarta, Museum Radyapustaka punika tumrapipun ing Jawi-Tengah kalebet ingkang saé piyambak tatanipun, pepek simpenanipun sarta ingkang sepuh piyambak. Kajawi barang-barang kina, ugi nglempakaken buku-buku babad lan buku-buku sanès-sanèsipun.

 Museum Radyapustaka punika dipun degsaken kala tanggal 15 Mulud Ehé 1820 utawi tanggal 28 Oktober 1890 Masehi, taksih jamanipun Ingkang Sinuwun Paku Buwono kaping IX. Manggèn ing dalem Kepatihan. Kala tanggal 22 Sura Alip 1843 utawi tanggal 1 Januari 1913 Masèhi pindhah dhateng ing gedhonipun ingkang samangké sawétanipun Taman Sriwedari, rumiyin griyanipun Walandi nama Johannes Busselaar.

 Awit ada-adanipun Radyapustaka dipun wonteni pamulangan dhalang nama "Padha Suka", cekakipun "Pamulangan Dhalang Surakarta" wiwit tahun 1923 dumugi 1942. Gurunipun Radèn Ngabèhi Lebdocarito tuwin Radèn Ngabèhi Dutodiprojo. Kajawi punika ugi ngawontenaken kursus nabuh gamelan lan kursus basa Kawi. Kala tahun 1922 ngawonten-