Kaca:Babad Solo.pdf/82

Kaca iki wis dikorèksi
80

aken saraséhanbab nyawijikèkaken tataning panyerat Jawi, déné putusanipun ingkang karan "Sriwedari Spelling" katur dhateng Pamarintah.


  • STADION SRIWEDARI

Kanggé ngajengaken kegiatan olahraga sépak bola, saking kaparengdalem Ingkang Sinuwun Paku Buwono kaping X dipun bangun stadion ing Taman Sriwedari sisih kilèn ing tahun 1932. Stadion Sriwedari ingkang dipun rancang déning Mr. Zeylman punika, stadion pisanan ing saindenging IndonesiaiIngkang saged dipun ginakaken siyang lan dalu, awit dipun pasangi lampu ing menara-menara.
Tahun 1933 stadion punika rampung panggarapipun lan dipun resmèkaken déning Ingkang Sinuwun ingkang dipun wakili déning Gusti Pangéban Harya Panular. Ingkang ngginakaken stadion ing wanci siyang/sonten punika pakempalan sepak bola ingkang dados wargenipun PERSIS (Persatuan Sepakbola Indonesia Surakarta) ingkang dhedhasar raos kabangsan (nasionalisme).
Déné ingkang ngginakaken ing wanci dalu (jam 7-9) punika pekempalan sépakbola anggotanipun VBS (Voetbal:Bond Solo), inggih punika klub-klub Walandi, Cina, Arab tuwin ugi Jawi.
Sederèngipun tahun 1942 PERSIS tensah dados juara PSSI (Persatuan Sepakbola Seluruh Indonesia), punika tandha ingkang nyata bilih olahrapra sepakbola ing kita Sala majeng.


  • BALEKAMBANG LAN LAPANGAN MANAHAN

Pamarintah Praja: Mangkunagaran boten kepingin kantun kaliyan Pamarintah Kasunanan ing bab anggènipun ngajengaken olahraga, lan papan rekreasi utawi hiburan.
Saking kaparengdalem Kangjeng Gusti Mangkunagoro, kaping VII dipun bangun lapangan Manahan ingkang wiyar sanget kanggé ngajengaken “sport kuda" utawi balapan-jaran, mawi dipun sukani tribune.
Ing sacelakipun punika ing akhir tahun 1921 dipun bikak satunggaling taman hiburan ingkang resminipun nama "Partini-