Kaca:Babad Solo.pdf/93

Kaca iki wis dikorèksi

91

  1. Saron – cacah 2 iji
  2. Saron panacah (Peking) – cacah 2 iji
  3. Kempyang – cacah 2 iji
  4. Gong ageng – cacah 2 iji
  5. Bedhug – 1 iji.

Boten mawi Kendhang, Kethul, Kenong, Kempul serta Suwukan. Kendhang lironan Bedhug, panabuhipun linuripun Kempul. Kendho-kencenging wirama manut panabuhing Bedhug. Mila boten gampil nabuh Bedhug Sekatèn punika wau.

Pambukaning lagu saking Bonang, dipun wastani ipil-ipil. Dhawahing gendhing Demung ingkang andadosaken. Dados dhawah gendhing punapa, miturut Demung. Ingkang dipun tabuh gendhing punapa, punika manut kasagedanipun ingkang nabuh Demung, nanging piyambakipun kedah saged ngemong dhateng kasagedanipun kancanipun sesarengan nabuh, supados penabuhipun saged runtut. Dados inggih boten gampil nabuh Demung Sekatèn punika awit ugi kedah sugih gendhing Bonang. Manawi sampun dados gendhing, panabuhipun imbal-imbalan.

Nanging manawi gamelan Sekatèn saweg mungel sapisan, gendhingipun dipun tamtokaken, inggih punika gendhing Rambu kaliyan Rangkung.

Pambabaring gangsa kaparingen "candrasengkala memet" wujud gambar pepethaning sawer naga kalih, kaukir ungkur-ungkuran, pethiting naga wonten ing tengah amulet pepethaning dedamel cakra. Inggih kekalih wujudan punika ingkang mujudaken namaning sengkalan memet, ingkang saged mujudaken ungel-ungelan "Naga Loro Cinakra ing Ratu", inggih punika taun candra angka 1528. Kapasang mapan wonten ing Gayor Gong Ageng kaliyan Gayor Bedhug, dados mujudaken papasrèn rerengganing gamelan.

Sadaya yayasaning para ratu ing jaman kina punike, sami tinengeran ciri titimangsa yayasan, ingkang boten saged kapaiben. Pamrihipun supados saged gampil dipun mangertosi déning para tetiyang ingkang sami nyatitèkaken dados lajeng saged anginten-inten sampun sapinten taun umuring gamelan Sekatèn iyasan Mataram ingkang kaparingan nama Kyai Guntursari wau.

Gamelan Sekatèn sasampunipun katabuh rinten dalu satunggal minggu dumugi dinten Garebeg Mulud tanggal 12,