Kaca:Babad lan Mekaring Djogèd Djawi.pdf/10

Kaca iki wis divalidasi

9

Kadjawi kanggé perloening agami lan karaméjan oemoem oegi wonten ingkang kanggé ing saganten wedi, inggih katletah djogéd saqara wedi ( W oestijndans). Kadhos makaten sipating djogéd kina ing tanah kilénan ingkang oegi boten langgeng. Ing taoen 375—600 lantaran retoening pradja, inggih djaman pandeseking satoenggal lan Satoenggaling babrajan ingkang katletah nama djaman Volksverhuizing, djogéd kilénan ingkang péni lan asli sirna tanpa dhadhi.
  Ewadhéné ing tahoen 1533 poetri Katharina de Medicis ing Itali ingkang ladjeng kagarwa Nata ing Prantjis (Hendrik Il) saged ndapoek djogéd ingkang moerni ingkang kawastanan ballét, lan misoewoer dhoemoegi ing djaman samangké.
  Makaten oegi djogéd Djawi ingkang sampoen sirna ing taoen 1389—1526, kadhos ingkang koela atoeraken ing ngadjeng, ing djaman karaton Padjang lan Mataram katingal kagatosaken, nanging sinten ingkang andapoek woedjoedhing djogéd, kadhosta: srimpi oetawi bedaja, beksan oetawi wiréng, boten saged kasoemerepan. Nalika karaton ing Padjang taoen 1547—1582 ing serat Babad namoeng katjarijos : ing samangsa ingkang Sinoehoen mijos siniwaka mawi kadérékaken manggoeng, bedaja, srimpi, amoeng djogéd lan beksan (wiréng) tjetha sampoen wonten. Katjarijos nalika Kangdjeng Soeltan Padjang oetoesan dateng Mataram mimbali Ngabéi Loring Pasar mawi kasegah beksan, ingkang mbeksa Radhén Rangga poetra Mataram, makaten oegi beksa tajoeb wonten ing Mataram kanggé njegah para nara pradja ingkang sami ngladhosaken paos.