Kaca:Babad lan Mekaring Djogèd Djawi.pdf/11

Kaca iki wis divalidasi

10


  Ing djaman karaton Mataram ingkang kapisan (Panembahan Sénapati) taoen 1582—1601 lan ingkang kaping II, 1601—-1613 sarta kaping III, 1613—1638 kawontenanipoen djogéd boten bédha_ kalijan djaman Padjang.
 Ing taoen 1638—1645 djaman Ingkang Sinoehoen Soeltan Agoeng, kaboedhajan lan kagoenan kagatosaken sanget. Serat Wirit piwoelang karanganipoen Kangdjeng Soeltan Agoeng, penganggé koeloek lan oedeng ingkang ngémba kopjah lan serban, oegi jasanipoen. ingkang. Sinoehoen, makaten oegi bedhaja ketawang, inggih bedhaja poesaka ing Soerakarta ing samangké, (mriksanana Handelingen eerste Congres Taal-, Land- en Volkenkunde door K. P. A. Hadiwidjaja, katja 87--90).
  Sak pengkeripoen Ingkang Sinozhoen Soeltan Agoeng, taoen 1645—1705 ing Mataram toewoeh tjatjongkrahan, para ahli kaboedhajan kagoenan boten kober ngrembag nandjakaken kapinteranipoen.
  Ing taoen 1705—1719 djaman Ingkang Sinoehoen Hamengkoe Boewana I katingal bribik-bribik wonten djogéd. Sampéjandhalem Kangdjeng Goesti Pangéran Adipati Anom ing Mataram, wonten ing Kaboepatén Semarang beksa tajoeb. Ananging ing taoen 1719—1755 (djaman Ingkang Sinoehoen Mangkoerat ingkang kaping II dhoemoegi Gijanti) kataman tjetjongkrahaning para Poetra lan santananing Nata, prakawis kaboedhajan lan kagoenan boten kagatosaken. Namoeng radi anggoemoenaken salebeting taoen 1746—1755 (mriksasana babad Gijanti) nalika mbedah Panaraga Ingkang Boepati katjarijos gadah bedaja pitoeng setél. Makaten