Kaca:Babad lan Mekaring Djogèd Djawi.pdf/2

Kaca iki wis divalidasi
Babad lan mekaring djogèd djawi,

Karanganipoen
B. P. A. SOERJODININGRAT
ING NGAJOGJAKARTA.

_____________


Poenapa perloe nglahiraken karangan
bab mekaring Djogèd-Djawi wonten
ing serat Pananggalan?

BOEBOEKA.

Kadhos badé kawastanan anèh, ingkang saoepami kawangsoelan, boten perloe, amargi inggih djogèd poenika satoenggiling kagoenan Djawi ingkang moerni, poesaka banda tetilaraning leloehoer koela sami, ingkang kedhah kasoemerepan ing ngakathah, amrih itjaling raos tida-tidaning panganggep, ingkang asring ké nging dhaja prabawaning panginten, bilih sadhaja kagoenan Djawi poenika saking Hindoe, dhadhos amoeng sawarni barang tiron, oetawi loengsoeran.

Panginten waoe landesan agama lan piwoelang warni-warni, ingkang dhaja prabawanipoen ageng sanget dateng bangsa Djawi, éwadhéné saged kabantah kalajan paseksèn ingkang njata, bilih bangsa Djawi benika oegi gadah kagoenan ingkang asli, oepamininoen, djogèd, (srimpi, bedaja, wajang-wong, beksan octawi wirèng) gamelan, pirantosing tatanèn jajasan grija lan wajang loelang.