Kaca:Babad lan Mekaring Djogèd Djawi.pdf/8

Kaca iki wis divalidasi

7

sampoen saged nggagapi, kadhos poenapa’ kamadjenganing kagoenan ing djaman samanten katanding kalijan djaman Praboe Erlangga, kadhos ingkang koela atoeraken ing ngadjeng. Emanipoen tjatjah lan woedjoedhing pirantosing gangsa boten kapratélakaken, dhadhos boten saged kaoekoer sapinten mekaring kagoenan djogéd.
  Kadhos poenapa mongkoging bangsa Djawi ing djaman samanten, nanging kamoeljaning Modjopahit boten saged langgeng lan boten dhangoe. Sapengkeripoen Praboe Hajamwoeroek ing taoen 1389, toewoeh malih tjatjongkrahan para kadhang, dhamel retoening pradja, para ahli kaboedhajan oetawi kagoenan boten saged nandjakaken kapinteranipoen.
 Ing taoen 1478 sirnaning Modjopahit, mitoeroet Babad Djawi, karaton pindah dateng Dhemak Jan ngrasoek agami Islam, nanging tjarijosipoen Portugees De Brito, kalajan paseksén ingkang mitadhosi, ing tahoen 1513 taksih wonten Ratoe Djawi agami Hindoe ingkang ageng prabawanipoen, djedjoeloek Praboe Girindhrawardhana, karaton Modjopahit santoen nama: Wilwatikta, liripoen. ambroeking karaton Modjopahit waoe boten. saking bangsa Islam, nanging saking golongan ingkang taksih ngrasoek agami Hindoe, (mriksanana N. J. Krom Hindoe-Javaansche Kunst pérangan I katia 83). Ngadjengaken taoen 1526 lantaran saking dhaja prabawaning agami Islam karaton Hindoe ingkang poengkasan kaseboet nginggil sirna, (dhadhos ing ngriki saged kasoemerepan bédhaning pamanggih titi-mangsa adheging, karaton Islam, poenapa taoen 1478