Kaca:Babad lan Mekaring Djogèd Djawi.pdf/9

Kaca iki wis divalidasi

8

poenapa taoen 1526), bangsa djawi ingkang dhéréng ngrasoek agami Islam, (teksih setya dateng agami Hindoe) sami késah tetroeka wonten Tengger, Blambangan lan Bali. Wonten ing Bali para ahli kaboedhajan lan kagoenan Djawi sami angsal margi nandjakaken kapinteranipoen, lan saged dhamel mekaring kaboedhajan toewin kagoenan kalajan tentrem kalaras nganggé tjéngkok Bali.
  Ing poelo Djawi, salebetipoen taoen 1389—1526 ketjalan latjak djedjering djogéd, nanging makaten waoe sampoen dhadhos kodhrating Alam bilih retoening pradja ingkang mataoen-taoen laminipoen saged ngébah sadhaja kawontenan oetawi njantoeni sisipating kagoenan kadhos kawontenan ingkang goemelar ing dhonja, oepaminipoen ing Egypte, antawisipoen 2000 oetawi 3000 taoen sadhéréngipoen Kristen, djogéd kaanggep kagoenan loehoer, langkoeng-langkoeng ing Griekenland, nagari ingkang soegih ahli kagoenan, misoewoer lagoening djogéd, inggih djogéd poenika kanggé margi moedjoedhaken raos kabatosaning manoengsa ingkang moerni, migoenani kanggé panggoela wenthahing bangsa. Mila katata warni-warni, pérang-péranganing woedjoedhing djogéd ingkang kanggé pasamoewan ageng, agami, karaméjan oemoem, kanggé seneng-seneng pangoenggaring manah lan sanés-sanesipoen. Wonten ing Rome tahoen 753 sak dhéréngipoe Kristen, kagoenan djogéd Griekenland sami kawoelangaken, nanging salah kedhadhén, itjal sipating djogéd kosokwangsoel kalijan wonten ing Griekenland.
  Wonten ing kalanganing bangsa Jahoedhi, 500 taoen sakdhéréngipoen Kristen, djogéd kagatosaken sanget.