Kaca:Bandha Kamardikan.pdf/79

Kaca iki wis divalidasi

68 BANDHA KAMARDIKAN


SRANDHAL
Sagung W.

uripku ing donya iki kaya uripe srandhal
saka anyar, dienggo, rusak wis beda nasib

nalika anyar,
uripku urip kesenengan
dielus-elus, dieman-eman
sajake aku didadekake raja, ora pareng kerja

aku dibutuhake masyarakat
kena telek diresiki, gupak lempung diadusi

nalika rusak, aku disiya-siya....
dadi ganjel lawang, dibuwang, diobong
sajake wong mung golek jasaku
tanpa maelu nalika wis ora aweh piguna