Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/103

Kaca iki wis divalidasi

Aku ora ngira, musik klasik sing biasane mung isa ditonton neng gedung, pranyata isa ditonton ing pelataran Alun-Alun Kidul. Malah pentase katon santai lan disambi gegojegan. Aku rumangsa ora rugi diajak Elgar nonton pentas iki. Jan, ora nyangka lan ora ngira dene musik klasik bisa ditonton dening wong biasa.

Kapan maneh ana pentas kanya ngene iki, aku mesthi kudu nonton maneh. Tiba’e, uapik tenan.

86

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~