Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/109

Kaca iki wis divalidasi

kang luwih dawa kanggo mujudake pawarta. Krana wektu kang luwih dawa iki, mula media cetak kalah cepet yenkatandhing karo media elektronik. Kanggo narik kawigaten tumrap para maos mau, mula media cetak banjur ngandhar tulisan kanthi wutuh, jlentreh amba lan dawa awujud feature. Kanthi tembung liya, feature kang becik lan penuh daya tarik bisa dadi unggulan tumrap media cetak.

Dawa lan cendhake tulisan ora dadi ukuran tumrap ala beciking feature. Bakune sawijining feature kudu wutuh, nambah wawasan lan bisa nyenengake para maos. Bisa diarani tulisan feature saora-orane bisa gawe marem lan ndudut atine para maos.

Kanggo mujudake tulisan sing wutuh, nambah wawasan lan ndudut ati mula ora gampang. Mbutuhake teknik utawa cara-cara taratmtu. Mula sadurunge nulis feature, panulis kudu nemtoake luwih dhisik apa tema kang bakal kaangkat, nglumpukake bahan tulisan lan banjur wiwit nulis.

Tema apa wae bisa kangkat dadi tullisan feature ing antarane profil (personal), sejarah, pengalaman (petualangan), mangsa, papan, lan akeh maneh liyane. Dene anggone golek bahan tata carane uga maneka warna. Ing antarane wawancara, maca buku ing perpustkaan (studi pustaka) lan bisa uga migunakake teknologi informasi kanthi browsing ing internet. Sawise kabeh bahan wis nyukupi, banjur wiwit ditulis.

Sing perlu digatekake, ana padha lan bedane anatarane feature karo cerita (cekak, sambung lan novel). Kekarone arupa tulisan sing wujude cerita. Bedane, tulisan cerita kuwi murni fiksi asiling pangentha-entha lan ora nyata. Dene cerita sing ditulis ing feature kudu nyata adhedasar –fakta— kadadeyan lan kahanan kang dumadi tenan. Ora bisa mung dikarang lan ora kena mung ngayawara.

Pengalaman nyata nulis feature

Sajroning udakara rong sasi –Juni lan Juli 2011– panulis makarya bareng Bapak P. Ari Subagyo antuk pengalaman nyata ing babagan nulis feature. Ing adicara Bengkel Bahasa dan Sastra

96

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~