Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/118

Kaca iki wis divalidasi

kanggo para siswa SMA sing dipandhegani dening Balai Bahasa Yogyakarta.

Kanthi migunakake metode workshop, para siswa sing babar blas durung nate gawe karya tulis – basa Jawa — awujud feature, sethithik mbaka sethitik tepung lan ngerti carane nulis lan bisa banjur bisa nulis feature. Panulis rumangsa bombong lan mongkog, dene para siswa mau kabeh bisa gawe lan ngumpulake tulisane. Amarga lagi wae njajal lan bisa nulis sepisanan, mesthi wae ing babagan tata tulis, ejaan, diksi lan gaya bahasa isih akeh kudu dituntun lan dibenakke. Sing cetha ing gladhen iki penulis ngujarake utawa menehi kebebasan, supaya para siswa ora wedi medharake gagasan saka bahan kang wis ana banjur wani mujudake tulisan. Bab ala becike mengko bisa dikoreksi lan didandani.

Apa kang dakpikirake numusi, yaiku para siswa mesthi bakal kangelan utawa luput ing babagan tata tulis lan ejaan. Tuladhane akeh para siswa sing ora bisa mbedakake antaraning “o” lan “a”, “ta” lan “tha”, “da” lan “dha”, “i” lan “e”, lan sapanunggalane. Bab iki kacetha rikala para siswa padha gladhen lan isih dakprangguli kanthi kaluputan sing kuranng luwih padha, rikala ngedit tugas akhire para siswa sing bakal kababar minangka antologi.

Panutup

Muga-muga pengalaman nyata sing wis dalami dening para siswa jroning gladhen nulis feature ora mung mandheg kanthi kababaring tulisan minangka antologi. Pengalaman iki muga dadi pancatan kanggo tetep sregep sinau lan nyoba nulis apa wae sing migunani tumrap dhiri pribadi, pepadha lan tansah bisa ngluhurake Gusti.

Muga dadi sarana uga kanggo njaga murih ngrembaka lan lestarining basa Jawa. Muga tansah migunani. Nuwun.


  • ) Kaentha-entha adhedhasar makalah Serba-Serbi Menulis Feature, P. Ari

Subagyo lan Teknik Menulis Berita & Feature, R. Masri Sareb Putra,

Indeks, Jakarta 2006.

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

97