Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/129

Kaca iki wis divalidasi
05. USMAN : Ditampanggih ditampa mbok, nanging nggih mboten banjur saben dinten mangan thiwul Mbok... Mbok...
06. MBOK RUS : Eee... alah le... kowe kuwi wis gedhe kudune wis dong.
07. USMAN : Jaman saiki ki kudune wis mangan sega Mbok...
08. MBOK RUS : Eee... alah le... kowe ki bisa kuliah we wis beja!
09. USMAN : Yen ora ana sega, mbok wis rasah madhang, wis wareg ro urip mlarat.
10. MBOK RUS : Cah gedhe kok mutungan. Yoh wis le, pacule diwenehake mburi kana, geg adus! Sing penting simbok wis njagani pangan, yen gelem panganen, yen ora ya sakarepmu.
11. USMAN : Nyuwun pangapunten Mbok, wonten ingkang kula pingin matur marang Simbok.
12. MBOK RUS : Arep ngomong apa le? Le kadingaren.
13. USMAN : Ngonten Mbok, kula badhe medal kuliah
14. MBOK RUS : Arep ngapa?
15. USMAN : Kula kepengin mbecak Mbok.
16. MBOK RUS : Weh... aja!!
17. USMAN : Mboten napa-napa ta Mbok?!
18. MBOK RUS : Rapapa piye? Arep golek apa?
19. USMAN : Ben bisa mangan sega kaya kanca-kanca.
20. MBOKRUS : Ora...! Ora bisa!
21. USMAN : Lha napa ta Mbok?
22. MBOK RUS : Ora le! Ora isa! Yen kowe ora kuliah, mbesuk arep dadi apa kowe le? Ora isa! Simbok ora setuju!
23. USMAN : Mbok, niki sampun kewajiban kula satunggaling tiyang kakung ing keluarga niki.
24. MBOK RUS : Simbok tetep ora setuju!
25. USMAN : Kula pengin supados simbok saget dhahar sekul saben dinten.
26. MBOK RUS : Ora! Pokoke kuliah!
27. USMAN : Nanging mbok, bapak uga sampun wasiat supados kula njagarodhatelu niku. (ndudingi becak)

108

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~