Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/133

Kaca iki wis divalidasi

89. NING : Piye je? Lha ya le kemayu ki amarga ra ayu. Ning saya ora ayu sing menging.

90. MBAH SOLIKHIN : Uwis-uwis… minggir-minggir! arep mulih aku. Huk… huk… huk…

91. NING : Lho, kowe sih Mbak, dadi mulih ta Mbah Solikhin? Aku kan dadi ora ngerti kangmas Usman sing bagus dhewe mau ngapa mau, hualah garagarane Mbak Das.

92. DASILAH : Aku ki ngerti wisan.

93. NING : Hah? Apa Mbak? Apa ?

ADEGAN V PAK RT MLAKU ING DALAN DESA. PAK RT MLAKU NYEDAKI DASILAH LAN NING MELU NGOMONGAKE USMAN.

94. PAK RT : Yu… yu… yu… ana apa yu?

95. NING : Mriki-mriki pak RT!

96. PAK RT : Iya… dhik Ning….

97. NING : Piye Mbak Das?

98. PAK RT : Ana apa ta?

99. DASILAH : Ngene lho, Usman ki metu le kuliah.

100. PAK RT : Lho, tenane?

101. DASILAH : We… lha ya tenan.

102. PAK RT : Lho, kenapa?!

103. DASILAH : Usman ki dipeksa leren kuliah lan dadi tukang becak supaya Ratmi dadi guru.

104. NING : Ah, mbok ra gawe-gawe, Mbak!

105. DASILAH : Gawe-gawe kepiya ta?

106. PAK RT : Tenane yu?

107. DASILAH : Eee… alah kapan aku tau ngapusi?

108. NING : Ra tau mbak.

109. DASILAH : Pancen ra tau.

110. NING : Ya, ning kerep.. jare arep nyomblangake aku ro kangmas Usman, ee… rasida-sida…

111. DASILAH : Durung wektune wae, aku ki wong tuwa, ngapa aku ngapusi?

112

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~