Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/134

Kaca iki wis divalidasi

112. NING : Tenan ta Mbak…?
113. DASILAH : Lha ya iya.
114. PAK RT: Iya, aku ya percaya kowe yu. Wah, mesakake Usman yu. Pilih sih kuwi.
115. NING : Ah, masa sih Mbak?
116. DASILAH : Kowe-kowe kuwi dha ora ngerti sapa Mbok Rus, ketarane wae alim, nyatane…. Hemz (menjep)
117. PAK RT : Wah, lapor marang pak dukuh wae! Iki jenenge EKS… EKS…. EKSLOIPITISAPI anak.
118. NING & DASILAH : EKSPLOITASI!
119. PAK RT : Nah… nah… kuwi maksude.
120. NING : Aduh… Kangmasku Usman mesakake.
121. DASILAH : Huh, Kangmas! Kangmas!
122. PAK RT : Wah, Mbok Rus ki pancen ora dong, mesakake Usman ta? Ora duwe masa depan, ya ra yu?
123. DASILAH : Ya rasah di mesakake, mbokne we ora mesakake, ngapa awake dhewe ribut-ribut mesakake
124. PAK RT : Iya ya, yu?


ADEGAN VI
MBOK RUS MLAYU MARANI DASILAH LAN KANCA-KANCANE
125. MBOK RUS : Astaghfirullah hal’adzim… Gusti Alloh… kowe-kowe mau dha ngrasani aku ya..? dha fitnah aku…?
126. DASILAH : Aku ki ra fitnah, iki ki nyata. Kabeh wis reti.
127. PAK RT : Inggih Mbok Rus!
128. DASILAH : Mbok, ora mungkin bocah saiki milih rekasa golek dhuwit yen ora wedi karo wong tuwane.

129. MBOK RUS : Nanging sing akon udu aku. Kuwi kekarepane Usman dhewe.

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

113