Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/137

Kaca iki wis divalidasi

163. DASILAH : Mboten Pak, Pak Dukuh kedah percaya kalih kula.

164. PAK DUKUH : Nanging buktimu apa?

165. DASILAH : Pak, kula tegasake malih, Usman menika pemuda kang taatmarang wong tuwa. Nggih jelas ta pak? Yen Usman niku nurut mboten mungkin yen metune sekolah adhedhasar kekarepan dhewe. Ora masuk akal.

166. PAK DUKUH : Yoh... tak uruse, besok bareng-bareng menyang omahe Mbok Rus!

167. PAK RT : Lapor wonten bale desa rumiyin mboten pak?

168. PAK DUKUH : Rasah ta ya.

169. DASLAH : Sesok wae!

170. PAK DUKUH : Mboten pak, mbenjang kudu sisan ggawa wong kalurahan

171. DASILAH : Lha kok malah takon?

172. PAK DUKUH : Du... kuh... e... ki aku po kowe?

173. DASILAH : Yo wis Mbak Das, ayo bali.

174. PAK RT : Nggih pun Pak. Pareng rumiyin.

175. NING : Iya... iya... Mbak Das... asbar Mbak.

176. PAK RT : Nggih pun Pak. Pareng rumiyin.

177. PAK DUKUH : Yo...

ADEGAN IX

ING RUANG MAKAN OMAHEUSMAN. ING WAYAH BENGI. USMAN LAN RATMI MANGAN BEBARENGAN.

178. RATMI : Alon... alon... kang.

179. USMAN : Iya dhik, wah lodhehe enak tenan.

180. RATMI : Walah... walah... kang... ning ya alon-alon ta ya?

181. USMAN : Wis ta dhik, rapapa. Kepiye kuliahmu dhik?

182. RATMI: Ra piye-piye kang. Alhamdulillah lancar-lancar wae kang.

183. USMA : Wo ya syukur, kakang melu seneng dhik.

184. RATMI : Kang, kowe ora gela dadi tukang becak?

116

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~