Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/138

Kaca iki wis divalidasi

185. USMA : Ngapa gela? Iki wis wasiate Bapak.

166. RATMI : Wasiate Bapak piye ta kang?

187. USMAN : Ora piye-piye dhik, wis gek maem sik. Lha Mimbok mau neng ngendi dhik?

188. RATMI : Embuh kang malah nandi.

1689. USMAN : Coba celuken dik!

190. RATMI Mbok... ? Mboke...........?

191. MBOK RUS (OS) : Apa nok?

192. RATMI : Niki dipadosi kakang. Yowis kang tak mlebu sinau dhisik.

193. USMAN : Yo dhik, sing sregep!

194. RATMI : Oke kang!

ADEGAN X

RATMININGGALAKERUANG MAKAN. MBOK RUSBANJUR TEKA.

195. USMAN : Mbok, sampun dhahar, Mbok?

196. MBOK RUS : Uwis.

197. USMAN : Lha wau saking pundi?

198. MBOK RUS : Ra nandi-nandi.

199. USMAN : Mbok, simbok tasih nesu kalih kula? Mbok, kula namung njagi amanahipun lan nglakoni kang diwasiatke Bapak.

200. MBOK RUS : Iya, Simbok ngerti, nanging kowe ora ngerti kedadeaning desa iki sasuwene seminggu iki.

201. USMAN : Lha wonten menapa, Mbok?

202. MBOK RUS : Tangga-tangga padha mitnah aku, para warga padha nesoni aku amarga kowe ora kuliah.

203. USMAN : Para warga mboten gadhah hak melu campur kudune.

204. MBOK RUS : Le, kowe ki elinga! Mbok manuta ro Simbok! Awake dhewe ki urip ing desa, nek gawe kekarepan aja sing aing-aing.

205. USMAN : Mbok, mboten amarga kula mboten manut marang Simbok, nanging niki amanahipun Bapak.

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

417