Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/141

Kaca iki wis divalidasi

244. MBOK RUS : Niki fitnah! Mboten leres sedaya! Niki merga lambe tipise Dasilah!

245. PAK DUKUH : Uwis-uwis! Sejatine ki piye Mbok?

246. MBOK RUS : Kula mboten nate meksa Usman, pak.

247. PAK DUKUH : Lha banjur kenapa Usman metu kuliah?

248. MBOK RUS : Kula nggih mboten ngertos kaliyan kekarepane Usman, pak.

249. DASILAH : Ndhobos!!!

250. PAK DUKUH : Kowe ki menenga dhisik, Das!

251. DASILAH : Pak dukuh mboten sah kakean takon, nyatane ora bisa njelaske. Bisane mung mboten pak, mboten pak, mboten pak.

252. PAK DUKUH : Uwis, kowe kuwi menenga dhisik!

253. MBOK RUS : Astaghfirullah Dasilah, nang apa kowe sengit karo aku? Apa salahku? Pak dukuh, sumpah mati kula mboten nate meksa Usman. Kongkonan mawon mboten pak. Saestu pak.

254. DASILAH : E...E...E... gampang timen sumpah, yen sumpah kuwi mandi, akeh wong-wong kang dha mati...

255. PAK RT : Wani pa sumpah pocong?


ADEGAN XIII MBAH SOLIKHIN TEKA SINAMBI MBOPONG USMAN. AWAKE USMAN AKEH GETIHE, USMAN BANJUR DITURUAKE ING LILNCAK NGAREP OMAH. 256. MBAH SOLIKHIN : Tulung…tulung… 257. MBOK RUS : Usman? Ya Alloh… kowe kenapa le? 258. NING : Kangmasku Usman… 259. PAK RT : Waduh, Usman kena apa kowe? 260. MBAH SOLIKHIN : Ayo…ayo… ewangi nggotong…! 261. PAK RT : Nggih mbah nggih 262. MBOK RUS : Mbah, Usman kenging menapa?

263. MBAH SOLIKHIN : Uwis, ora apa-apa, Usman ben ngaso dhisik.

120

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~