Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/143

Kaca iki wis divalidasi

287. RATMI : Kok Simbok mendel mawon, Simbok sampun gadhah arta pinten?

288. MBOK RUS : Sepuluh ewu, ning arep nggo tuku beras. Adol sawah wae pa Man?

289. MBAH SOLIKHIN : Aja adol warisan...!

290. USMAN : Inggih Mbok, namung kantun niku paninggalane Bapak.

291. RATMI : Banjur kepiye kang? iki kanggo ujian skripsi.

292. USMAN : Uwis dik, kowe rasah mikirke. Kana ganti klambi wae.! Pentinge kowe sinau dhisik!

293. USMAN : Nggih kang, ngga Mbah, ngga Mbok.

ADEGAN XV RATMI MELBU NGOMAH, MBAH SOLIKHIN LAN MBOK RUS ISEH LUNGGUH ING KURSI PNGGIR LINCAK.

294. MBOK RUS : Kowe banjur arep golek dhuwit semana akehe nandi Man?

295. USMAN : Kula tasih kuwat Mbok.

296. MBOK RUS : Kowe kudu manut Simbok. Kowe aja mateni awakmu dhewe!

297. MBAH SOLIKHIN : Iya Man, rungokna mbokmu wae. Kakang ing kana ora bakal seneng ngetke kowe meksa awakmu dhewe.

298. MBOK RUS : Becakmu kae didol wae Man!

299. USMAN : Nanging Rodha Telu iku diwasiatke Usman supaya dijaga, Mbok.

300. MBOK RUS : Percaya Simbok le, yen ta bapakmu ana, Bapak bakal setuju. Iki kanggo kabutuhan keluarga, sing penting awake dhewe ki bisa tetep urip tentrem, kuliahe adhimu ya ben kasil.

301. USMAN : Nggih mbok, Usman percaya. Nanging aku pingin mbecak, Mbok!

302. MBOK RUS : Kowe rasah mbecak, garapen wae sawahe!

122

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~