Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/146

Kaca iki wis divalidasi

pencemaran nama baik, kowe bisa dilaporke bali Mbak.

329. PAK RT : Mbesok meneh yen ora reti ora waton ngomong.

330. NING : Iya Mbak Das. Sing ora isa dipercaya iku lambemu

331. MBOK RUS : Uwis… uwis… Ora apa-apa, ora ana manungsa kang sampurna.

332. PAK DUKUH : Saiki Mbak Das njaluk ngapura marang Mbok Rus

333. DASILAH : Ora butuh!

334. PAK DUKUH : Kowe kudu njaluk ngapura! Apa kowe tak laporke?

ADEGAN XIX

USMAN LAN RATMI TEKA NGGAWA IJAZAH

335. USMAN : Lah… eneng apa pak dukuh? Kengeng menapa kok Simbok nangis?

336. MBOK RUS : Ora le. Ora apa-apa

337. USMAN : Sapa kang wis gawe tangise Simbok?

338. PAK DUKUH : Uwis Man, iki mung salah tampa.

339. RATMI : Ana apa Mbok?

340. MBOK RUS : Ora apa-apa.

341. USMAN : Mbok, menapa simbok mboten nate crita marang Usman yen kahanane bisa nganti mekaten?

342. MBOK RUS : Ora le, Simbok ora arep nambah-nambahi pikiranmu.

343. USMAN : Sapa sing uwis gawe tangise Simbokku?

344. NING : Mbak Das, Kangmas.

345. USMAN : Mbak, aja ngira yen aku bocah cilik banjur ora wani karo kowe! Aja pisanpisan meneh gawe tangise Mbokku…!!

346. MBAH SOLIKHIN : Meneng wae Man, rasah erosi…

347. USMAN : Sejatine niku, wonten menapa Pak

Dukuh?

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

125