Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/147

Kaca iki wis divalidasi

348. PAK DUKUH : Ngene lho, Man. Mbak Das, Ning, lan Pak RT laporan yen mbokmu meksa kowe metu kuliah supaya nyambut gawe.

349. NING : Aku mung diomongi Mbak Das lho, Kangmas.

350. PAK RT : Aku ya iya, Man.

351. PAK DUKUH : Uwis, padha meneng dhisik! Banjur aku lan kanca-kanca arep nglaporake ing bale desa, nanging apa kang dikandakake Mbok Rus ora padha karo sing awake dhewe ngerteni.

352. USMAN : Mboten, Pak. Simbok mboten saget dipunlaporaken, Simbok mboten nate meksa kula, Simbok mboten nate kongkonan kula malah Simbok sampun menging kula. Kula mboten ngira yen kedadeane bakal kaya mangkene, bakal nyengsarakake Simbokku. Simbok... kula nyuwun ngapura...! (Usman sujud marang Mbok Rus)

353. MBOK RUS : Iya-iya le, ngadego! Simbok ora apa-apa.

354. MBAH SOLIKHIN : Ngadek le...ngadek le...

355. PAK DUKUH : Mbok Rus, Usman kula nyuwun ngapura sampun gadhah prasangka kang ora becik. (sinambi salaman)

356. PAK RT : Kula nggih inggih, Mbok, Man

357. NING : Saya juga Kangmas, Simbok, Ning minta maaf ya.

358. PAK RT : Wis Mbak, kowe njaluko ngapura!

359. DASILAH : Ora sudi...!!! Mbok Rus tikus...!!! Mas Usman………

360. MBOK RUS, PAK RT, : Ngapa Kowe…?

NING, MBAH SOLIKHIN,

RATMI, PAK DUKUH

126 ~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~