Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/149

Kaca iki wis divalidasi

05. ADI LAN IFAH : (Marani Sari lan Marni)

06. ADI : Hayoo padha lagi ngomongke sapa?

07. MARNI : Eh Mas Adi lan Ifah. Dingaren yahmene wis mangkat? biasae bel muni we urung mangkat. Hehehe

08. IFAH: Ngece ki critane

09. MARNI : Ora Fah awak dhewe muk guyon kok. Aja nesu ta.

10. IFAH : Hemt. Nggih pun Mas, Mas Adi gek teng kelas mawon mengke ndak elak mlebet.

11. ADI : Ya Dhek. Aku tak mlebu sikik ya. (salaman karo Ifah). Aku ndisik ya (Lunga)

12. MARNI LAN SARI: Inggih Mas

13. SARI : Kowe wis ngarap PR akuntansi Fah?

14. IFAH : Uwis kok. Mesthi kowe padha urung ta? yaw is yo mlebu wae, gek nek dha arep ngarap gek dha ngarapa.

15. SARI : (Gugup) kowe sikik wae Fah, aku isih ngenteni mbak Ita.

16. IFAH : Ya aku ndisik ya (Mlebu kelas)

17. MARNI : Kowe ki kangsenan karo Mbak Ita tenan ye?

18. SARI : (Rindik) stttt ora aku ki muk bingung Mas Adi karo Ifah kok isa betah suwe ya?

19. MARNI : Mbok ya ben ta, ngapa? kowe ra seneng?

20. SARI : Ya o…orrrra ngono ta ya Ni. Akkk

21. MARNI : (Medot) nek ora ngono ya wis dinengke wae. Wis ta ayo mlebu !

BOCAH LORO KUWI MAU BANJUR MLEBU KELAS BEL ISTIRAHAT WIS MUNI. BOCAH-BOCAH PADHA METU KELAS

22. MARNI : Woo alah Gusti, mumet aku mikir akuntansi.

23. IFAH : Mumet kenapa ta Ni?

128

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~