Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/150

Kaca iki wis divalidasi

24. MARNI : Ya iku Fah, sik jenenge akuntansi ki pancen angel. Sapa ta ndisik sik gawe akuntansi ki?

25. IFAH : Hahahaha. Mbahmu paling Ni.

26. SARI : Kowe ki ngguyu wae Fah, kono sik rumangsa isa akuntansi.

27. IFAH : Sante wae Ri, rasah nganggo otot.

28. SARI : Wis lagi ora arep padhu aku. Ayo jajan aku ngeleh tenan iki!Ayo Fah!

29. MARNI: Hooh padha. Aku ya ngeleh banget.

30. IFAH : Ora ah aku urung ngeleh

31. MARNI : Ya wis aku tak nang kantin sikik ya (Lunga)

32. AGUS : Dhek ayo bali sikik.

33. IFAH : Ana apa ta Mas?

34. AGUS : Wis ta ayo gek bali, mengko kowe nak ya reti dhewe.

35. IFAH : Ya sik-sik aku tak njupuk tasku sikik mas

36. AGUS : Ya aku ya tak njupuk tas. Kowe ngenteni kene wae, mengko aku rene neh.(Lunga)

37. IFAH : Endi ta Mas Agus ki kok suwi banget.

38. MARNI : Lho kowe ki arep nang ndi ta Fah?

39. IFAH : Arep mulih ak

40. SARI : Ngapa mulih? ikiki durung wayahe mulih.

41. AGUS : Uwis dhek?

42. SARI : Lho Mas Agus ya arep mulih ta? ana apa ta Mas?

43. AGUS : (Atos) urusan kaluwarga. Wis ayo Dhek!

44. IFAH : Uwis ya aku mulih sikik (Lunga)

45. SARI LAN MARNI : Ya ati ya Fah

46. MARNI : Ana apa ya iki kok Mas Agus ketok galak banget?


~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

129

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

129