Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/155

Kaca iki wis divalidasi

132. MARNI : Kok bareng Mas Totok Fah?

133. TOTOK : Ya uwis dhek aku tak nang kelas sikik ya. Ayo dhek (Lunga)

134. MARNI : Nggih mas

135. SARI : Kowe kok mangkat bareng Mas Totok Fah?

136. MARNI : Hooh-hooh kenapa Fah?

137. IFAH : Aku saiki kudu cerak karo Mas Totok. Sebabe kaluwargaku dewe utang karo kaluwargane. Dadi ya kaya ngene ki anane

138. SARI : Lha terus Mas Adi piye?

139. IFAH : Mas Adi, aku ya urung reti arep kepiye

140. MARNI : Maksudmu tresna mu nggo Mas Adi tok adol karo Mas Totok?

141. IFAH : Ya ora ngono ya en, tapi-tapi. Wis lah aku bingung banget. (Mlebu kelas)

142. MARNI : Ifah ki saiki kenapa ta kok malah ya cerak karo Mas Totok barang?

143. SARI : Pa saiki Ifah ngeloro pa ya?

144. MARNI : Wah ora mungkin ta. Wis ta ayo mlebu wae (Mlebu kelas)

ISTIRAHAT PADHA ING NGAREP KELAS

145. IFAH : Mumet aku mikirke pelajaran matematika mau

146. MARNI : Mumet ? bukane kuwi pelajaran sik tok senengi?

147. IFAH : Hooh tapi ora kanggo saiki

148. SARI : Ya maklum nek duwe yang loro ki ya mumet dadi mikir matematika tambah mumet

149. IFAH : Maksudmu apa?

150. SARI : Udu apa-apa kok Fah

151. TOTOK : Dhek Ifah

152. IFAH : Ana apa ta Mas?

153. TOTOK : Ora papa kok dhek muk pingi dolan renewae

154. ADI : (Nyeraki Ifah) dhek aku pingin ngomong karo kowe

155. IFAH : Badhe ngomong napa ta Mas?

134

Bantul Sangsaya Pinunjul