Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/156

Kaca iki wis divalidasi

156, ADI : Kenapa adhek saiki karo Totok? terus aku kepiye dhek?

157. IFAH : Adhek sayang marang Mas Adi. Adhek naming manut Ibu lan Mas Agus.

158. ADI : Maksude adhek?

159. IFAH : Bapak kaliyan Ibu kagungan utang kaliyan kaluwarganipun Mas Totok. Lan dereng saget nyaur.

160. ADI : Terus dhek?

161. IFAH: Adhek kudu cerak kaliyan Mas Totok nge nutup utang niku Mas. Adhek nyuwun pangapunten nggih Mas

162. ADI : Ya wis lah dhek. Mas tetep tresna marang sliramu. Mas bali nang kelas ya (Salaman)

163. IFAH : Ati-ati Mas

164. TOTOK : Kae ta dhek sik dimaksud karo kakangmu?

165. IFAH: Inggih mas. Mas Totok,m sak tenane kula mboten tresna marang sampeyan. Kula tresna marang Mas Adi.

166. TOTOK : Aku ora peduli dhek. Sik penting kowe mengko bali karo aku


BEL MLEBU MUNI PARA SISWA MLEBU KELAS DHEWEDHEWE BEL BALI MUNI, ING NGAREP KELAS

167. TOTOK : (Lungguh ing ngarep kelas 1)

168. TYA : Kowe ngapa nang kene? ngenteni aku pa?

169. TOTOK : Sapa yaen sik ngenteni kowe ki, PD

170. TYA : Lha terus sapa?

171. SARI LAN MARNI : Eh Mas Totok uwis tekan kene wae. Hahaha

172. TOTOK : Ifah endi dhek?

173. IFAH : Iya Mas aku nang kene kok

174. TOTOK : Ayo dhek gek bali wae selak awan ki

175. IFAH : Aku ndisik ya (Lunga)

176. MARNI : Aku ya bali ya Ri (Lunga)

177. SARI : Iya ati-ati ya

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

135