Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/157

Kaca iki wis divalidasi

178. TYA : Apa ta ikiki maksude?

179. SARI : Kenapa mbak?

180. TYA : Aku ora seneng weruh Totok cerak karo wong wedon kae

181. SARI : Padha mbak aku ya ora seneng mbak

182. TYA : Hah kowe ya ora seneng ta bukane kowe kancane cerak?

183. SARI : Ya nak aku ki ora seneng wae

184. ITA : Ayo dhek bali!

185. SARI : Iya mbak dilit. Mengko nak ana apaapa tak kabari mbak. Aku sikik ya mbak(Lunga)


BABAK V ING PAPAN DAYO

186. IFAH LAN TOTOK : Assalamu’alaikum

187. BU ANA : Wa’alaikumsalam. Eh Mas Totok rikiriki lengah riki.

188. TOTOK : Inggih Bu, matur nuwun

189. BU ANA : Ngujuk napa Mas?

190. TOTOK : Mboten sah repot-repot Bu

191. BU ANA : Ah mboten repot kok

192. PAK ANTO : Nduk nek bali sekolah iku salin lan wijik sikik ta ya nduk

193. IFAH : Inggih Pak, Mas kula tinggal riyen nggih (Lunga salin)

194. BU ANA : Nggih mengke riyin nggih Mas, ibu tak damel unjukan riyen

195. TOTOK : Nggih Bu

196. IFAH : Ngapunten nggih mas

197.TOTOK : Ora papa kok dhek. Piye mau le sekolah

198.IFAH : Biasa mawon Mas

199.AGUS LAN ITA : Assalamu’alaikum

200.IFAH : Wa’alaikumsalam. Eh mbak Ita. riki mbak!

201.ITA : Lho kok Mas Totok ten riki?

136

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~