Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/16

Kaca iki wis divalidasi

Ora ana usaha sing ujug-ujug dari ngrembaka. Bab iki uga dirasakake dening Mbak Ana sing wis klebu kasil iku. Dheweke nerangake menawa alangan usaha anyaman biting iki mawarna-warna. Sepisan, karana mangsa udan. Menawa mangsa udan, biting-biting akeh jamure saengga kudu diresiki sakdurunge dianyam. Kapindho, kahanane pasar nasional lan internasional. “Menawa kahanan nasional lan internasional apik, anyaman biting gampang anggone masarake. Nanging menawa kahanan nasional lan internasional lagi ora apik, ana perang upamane, anyaman biting iki angel anggone masarake,” tuture Mbak Ana.

Mbak Ana wis manteb anggone usaha anyaman biting. Alangan apa wae sabisa-bisane diliwati. Lulusan PGSD UNY iku ora horeg atine lan tetep nggegulang usaha anyaman biting senajan sejatine wis bisa urip cukup saka gaji dadi guru lan saka garwane. “Aku pengen tetep makarya ing usaha iki amarga saka anyaman iki dalan padhang kabukak kanggo kanca-kancaku,” ujare Mbak Ana kanthi madhep manteb, marep.


SEPTIANA
▶ Umur: 31 taun
▶ Pendidikan :

- SD Kembangan
- SMP 2 Bambanglipuro
- SMA N 2 Bantul
- PGSD UNY

▶ Garwa : Kuntoro (36)
▶ Putra : M. Ezar (4)

Salah sawijinining mitra pengrajin ing usahane Mbak Ana lagi nganyam biting.

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

3