Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/161

Kaca iki wis divalidasi

277. IFAH : Iki loh dipeksa tresna kaya ngene ki sik ora tak senengi

278. SARI : Sabar Fah, iku cobaan saka Gusti Allah

279. TYA : Kowe ki wong wadon ora reti isin

280. IFAH : Aku ki salah apa ta Mbak?

281. TYA : Aku ora seneng kowe cerak karo Totok, aku yange Totok

282. MARNI : Wis mbak aja padu maneh isin, didelok bocah-bocah

283. SARI : Kana Ni Ifah dijak mlebu kelas

284. MARNI : Ya, ayo mlebu Fah (Lunga)

285. SARI : Mbak apa tenan Mas Totok ki yang mu?

286. TYA : Ya tenan, tapi ndisik urung suwi aku diputus

287. SARI : Lha ngapa mbak kok diputus?

288. TYA : Aku ya ora reti, ngerti-ngerti putus ngono wae

289. SARI : Sak retiku saiki Mas Totok karo Ifah Mbak.

290. TYA : Tenan pa Dhek?

291. SARI : (Rindik) tenan Mbak aku ora ngapusi, tapi aku ya ora seneng karo hubungane kuwi. Apa sik isa tag ewangi nggo Mbak?

292. TYA : Karepmu apa? bukane kowe karo Ifah ki kekancan ta?

293. SARI : Iya aku pancen kekancan tapi aku rada ora sreg karo Ifah Mbak

294. TYA : Ya ngene wae kowe kudu menehi laporan karo aku saben ana apa-apa sik anyar

295. SARI : Oke Mbak pokoke beres bos. Ya wis Mbak aku mlebu sikik ndak mengko padha curiga

296. TYA : Yayayaya kana gek mlebu. Nuwun sadurunge ya Dhek (Lunga)

BABAK VII

ANA ING PAPAN DAYO

297. FAH LAN TOTOK: Assalamu'alaikum

298. BU ANA LAN PAKANTO : Wa'alaikumsalam

299. AGUS : Kowe ki seka ngendi wae ta Fah? yahmene kok lagi bali

140

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~