Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/162

Kaca iki wis divalidasi

300. TOTOK : Ini mau seka mampir maem ning dalan. ngapunten nggih Bu Pak?

301. BU ANA : Iya Le ra papa kok

302. TOTOK : Nggih pun Bu kula lajengan mawon, Mangga Bu Pak. Ayo Gus (Lunga)

303. BU ANA : Ya Le ati-ati

MALEM MINGGU BOCAH-BOCAH PADHA DOLAN

304. MARNI : Aku seneng saben malem Minggu nang kene ki mesti akeh kancane.

305. IFAH : Mugakna sesok yangmu dijak rene wae

306. SARI : Marni duwe yang, mesakke yange. Hahahha

307. AGUS : Wuh dieche kuwi kowe nduk

308. PAK ANTO : Aku ya seneng nek anggon mu yang-yangan kaya ngene. Aja ndelik-ndelik ora apik.

309. BU ASNA : Bu Pak, iki kepiye? anake dhewe

310. BU ANA : Nggih nek Ifah niku sak niki sampun manutmanut mawon kok Bu

311. BU ASNA : Ya wis, nek wis ngono kapan arep ngersmekake?

312. IFAH : Ngresmeake? maksudipin napa nggih?

313. TOTOK : Maksude Ibu kita Dhek awak dhewe tunangan

314. PAK ANTO : Tunangan? Ifah iku taseh alit Bu

315. BU ASNA : Kan mung tunangan udu rabi

316. BU ANA : Kula purun Bu, nanging utang kula pun di anggep lunas ta?

317. PAK ANTO : Kowe ki apa ta Bune?

318. BU ASNA : Hooh, utangmu wis tak anggep lunas.

319. BU ANA : Kowe gelem ta nduk?

320. IFAH : Nggih nek niku saget nutup utang nggih pripun malih

321. ITA : Kowe serius dhek?

322. AGUS : Wis ta Dhek aja melu-melu

323. IFAH : Hooh Mbak, aku wis pasrah

324. BU ANA : Badhe kapan Bu?

325. BU ASNA : Sesok piye?

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

141